Anoman Duta
Anoman Duta utawi Anoman Obong menika
nyariosaken lelampahanipun Anoman inggih Senggana ingkang
dipun utus ratu gustinipunPrabu Ramawijaya nata ing negari
Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Dewi Shinta (garwanipun Prabu Rama) ingkang dipun dustha (diculik)
déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiaja, saperlu badhe dipun rasuk/digarw
Anoman
Anoman
anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni dening para Anila, Jembawan, sumawana Bagonglan dipun biyantu dening kadhang Bayu (sedherekipun Anoman
ing sami-sami kaputra dening Bathara Guru ingkang cacahipu wonten sanga inggih menika, Bathara Bayu,
Bayu Kusuma (Wrekudara nanging dèrèng lair ing marcapada), Wiljajahwreka, Liman
Situbandha, Garuda Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Anoman piyambak, tuwin gunung
Maenaka).
Alangan
Nalika
Anoman badhe tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman
lajeng dipun tulungi dening Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking
pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman
kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra.
Pranyata Anoman dalah para panakawan dipun serot dening Ditya Wil Kathaksini
lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka menika.
Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat
Kuku Pancanaka inggih mangga kemawon, namung kemawon sapangertosan kula bilih
kuku Pancanaka menika kagunganipun Raden Werkudara. Ditya Wilathaksini sirna margalayu. Anoman lajeng
nerusaken lampahipun.
Diracun
Sasampunipun
Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para panakawan
kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung.Dumadakan ing mriku wonten
satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan.Ingkang
mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para
Panakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang
wekdhal menika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan
ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi (hubungan seksual)
kaliyan wanita menika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman
dalah para Panakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng
nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Panakawan
paningalipun sami mboten saget kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran
wanita ing sesadheyan menika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus
dening Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun
Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha dening Anoman tuwin
para Panakawan menika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saget
anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng
nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni
dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para
Panakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan kanthi grayah-grayah
amargi sami mboten sumerep margi.
Garuda
Kacarita ing
tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi dening Prabu Dasamuka
rikala badhe mitulungi Dewi Shinta ingkang dipun dustha Dasamuka
kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa dening
Prabu Dasamuka.
Sasirnanipun
Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing
Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka (Taman Sokka) ingkang
dipun jagi para prajineman (prajurit sandhi) Ngalengkadiraja ingkang awujud
raseksa.
Bandayuda
Wangsul bab
Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para
Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saget waluya
jati (saget mriksani malih). sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku,
Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman
nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun margi
ingkang ketingal alus sanget menika jebulipun sanes margi ingkang limrah
nanging jebulipun mergi menika ilatipun Ditya Ilatmeja inggih Wil
Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman mboten nglegewa menawi lumebet
wonthen tutukipun yaksa menika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja,
Raden Anoman nembe sadar meniwi piyambakipun sampun wonten wadhukipun yaksa.
Wadhukipun Ditya Ilatmeja lajeng dipun bedhah mawi "kuku Waja"
(wonten kadhang dhalang ingkang nyebat kuku Pancanaka inggih mangga mawon,
jalaran menawi saking pemanggih kula kuku Pancanaka menika gadhahanipun Raden
Wrekudara). Ditya Ilatmeja lajeng sirna margalayu amargi wadhukipun jebol.
Taman Asoka
Anoman lajeng
nglajengaken lampah.Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng
mlebet wonten ing Taman Asokka kanthi mlumpati baluwerti saperlu manggihi
Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu
ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa
prajineman ingkang jagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng
tetembangan wonten ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha (putrinipun Raden Gunawan Wibisana,rayinipun Prabu
Dasamuka, ingkang tinanggenah ngladhosi Dewi Wara Sinta). Dewi Trijatha ugi
lajeng nyaketi suwanten menika kang mboten sanes suwantenipun Anoman. Anoman
sumerep Dewi Tijatha sanalika nandhang asmara/gerah wuyung.
Trijata Wuyung
Nyumurupi
wonten riwandha (kethek) ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas, Dewi
Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipun lus-lus kanthi dipun pangku
saengga Anoman nganthos mijil kamanipun (air mani) lan dumawah wonten pangkonipun
Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap mawi ron kamal, lan dipun bucal ing
bengawan. Kamanipun Anoman ingkang korut wonten bengawan menika lajeng dipun
openi dening Dewi Pratalawati (garwa seliripun Prabu Dasamuka) ing negari Guwa
Pratala (mapan ing dhasaring samudra) ingkang ing tembenipun lajeng dados
jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih
Triyangga. Trigangga ugi lajeng kaaken (dipu angkat) putra ingkang angka kalih
(dawah enem), jalaran Dewi Pratalawati sadherengipun panci sampun kagungan
putra patutan kaliyan Prabu Dasamuka ingkang sesilih Raden Bukbis inggih Raden Pratalamaryam/Kunthalamaryam.
Ali-ali
Wangsul bab
Anoman ingkang nembe lumebet ing Tama Asokka. dening Dewi Trijatha, Anoman
lajeng dipun sowanaken dumateng Dewi Sinta. Ing mriku, Anoman lajeng maringaken
sesotya (ali-ali/cincin) agemipun Prabu Ramawijaya. Menawi Sesotya menika dipun agem Dewi Sinta saget
"pas", tegesipun mboten sesak utawi lobok pratanda yen Dewi Sinta
dereng nate karasuk dening Prabu Dasamuka. Lan kabukten sesotya menika ugi pas
dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi
Sinta taksih suci. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka
pralambang bilih Dewi Sinta sanget ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya.
Nalika
Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah
ingkang rayi Raden Laksmanadewa/Laksmana Widagda, tuwin para pwana Pancawati,
dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng badhe dipun cepeng
nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda.
Anoman Obong
Gelising
carios, Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid
inggih Meganandha, putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipun sowanaken wonten
ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong
wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman
mboten saget tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika
dipun awut-awut saengga kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang
sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng negari Ngalengka sampun kobong,
Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun
Prabu Ramawijaya ing Pancawati.
Tepis Wiring
Ing tepis
wiringing samudra ingkang misahaken antawisipun Nagari Ngalengka kaliyan
Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara (semaput)
mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten
sanes kejawi raden Wibisana (rayinipun Prabu Dasamuka)
ingkang dipun kepruk "paidhon /kecohan" (bokor) amargi sampun wantun
caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu
Rama.
Salajengipun
Raden Wibisana lajeng dipun kanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati.
Ing negari Pancawati, Wibisana lajeng dipun aken minangka kadhang anemipun
Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados
"penasehat" raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana
menika, tundhanipunpara wadyabala tuwin seniapti-senopati Ngalengka saget dipun
wuningani anggeranipun (rahasia hidup matinya) saengga saget dipun sirnakaken,
kalebet Prabu Dasamuka ugi.