Nama
: Desti Ratna Kurniawati
NIM
: 2601414112
Rombel
: 04
‘’LANGENDRIYA
RAJA WANDHAN KE MAJAPAHIT”
Oleh : Suyadi Pratomo
Damar Wulan uwis
kasil mateni Besma, banjur dheweke didadiake raja Majapahit lan nduweni gelar
Raja Brawijaya. Damar Wulan banjur ngangkat Sri Nata Dewi dadi permaisurine.
Patih
Lugender Patih kang awale dadi patihe Sri Nata Dewi meneng-meneng minggat
ninggalake kerajaan karo anake Layang Kumintir lan Layang Seta. Dheweke
digoleki ora ketemu-ketemu. Ing kahanan sing mengkono kuwi, kerajaan uga
dikabarake bakal entok serangan marang Raja Wandhan Gupita. Menak Koncar kang
dipilih gawe mimpin nglawan musuhe.
Damar
Wulan utawa Raja Brawijaya ngangkat anake almarhum Rangga Tuban, yaiku Raden
Buntaran lan Raden Watangan. Raden Buntaran didadiake Adipati ning Tuban, nggantiake Rangga Tuban lan
diwenehi gelar Raden Jayeng Sekar. Raden Watangan didadiake Adipati Daha nggantiake Sindura lan
diwenehi Raden Jayeng Sari.
Raden Kuda
Tilarsa njaluk petunjuk marang eyang kakunge Patih Udara kanggo goleki bapake
sing lagi murcita. Nanging eyang kakunge nyaranake goleki kangmase Damar Wulan
wae sing durung reti kahanane saiki.
Eyang
kakunge banjur menehi petunjuk yen dheweke ketemu karo musuh sing bisa ngilang
sawektu perang lan ngaku yen anake Patih Udara. Mula kuwi seng digoleki yaiku,
Damar Wulan. Raden Kuda Tilarsa banjur mangkat goleki kangmase.
Dewi
Mayangsari adike Prabu Urubesma lan Merak Suwondo ngenteni kasile perang
antarane Majapahit lan Prabu Besma. Ing perang kono dikabarake Adipati Tuban
lan Adipati Daha gugur, mula Prabu Urubesma meksa Raja Majapahit nyerah.
Nanging ngerti-ngerti Dayun ngabarake yen Prabu Urubesma dipateni Damar Wulan
lan ndase dipenggal dipersembahake marang Raja Majapahit.
Kahanan mengkono
kuwi gawe Dewi Mayangsari nesu lan pengen wales dendam ing Damar Wulan. Gawe
wales dendame Dewi Mayangsari ing Damar Wulan, dheweke direwangi marang Merak
Suwondo lan adhine Mayang Goro. Ing sakliyane kuwi Damar Wulan diangkat dadi
raja ing Majapahit lan ngepek bojo Sri Ratu Ayu Kencana Wungu.
Bhagawan
Srengkara Manik kuwi eyang putrine Raden Kuda Rerangin. Raden Kuda Rerangin njaluk
ijin marang Bhagawan Srengkara gawe goleki bapa lan kakange Raden Damar Wulan.
Nanging, eyang putrine ora ngijinake yen goleki bapake amarga bapane uwis
murcita.
Raden
Kuda Rerangin diutus eyang putrine gawe mateni 40 manungsa sing lewat ing dalan
gedhe. Supaya bisa ketemu kangmase Raden Damar Wulan. Dheweke nyanggupi apa
kang diutus eyang putrine. Srengkara Wati (ibune Raden Kuda Rerangin) kepingin
melu, nanging ora dientuki karo Bhagawan Srengkara.
Marasanja
lan kepapat kancane kuwi njarahi bandhane warga kerajaan Wadhan. Marasanja
banjur ngutus kepapat kancane mau supaya ora njarahi bandhane warga maneh.
Sawektu kuwi dheweke uga diwaduli prajutit Wadhan yen dheweke weruh wong loro.
Sawise kuwi dheweke marani, jebulane Raden Kuda Rerangin lan Kutis (prajurite).
Raden
Kuda Rerangin lunga dikancani prajurite. Ing tengah dalan dheweke uwis mateni
39 manungsa, kurang siji. Dheweke binggung, amarga uwis ora ana maneh manungsa
sing arep dipateni lan kurang siji manungsa maneh. Kahanan sing mengkono kuwi
gawe Raden Kuda Rerangin nduwe ide gawe nepungake cacah nyawa 40 sing arep
dipateni kuwi. Dheweke dadi arep mateni prajurite kuwi, amarga ing kono mung
isih awake dhewe lan prajurite kuwi.
Ngerti-ngerti
teka wong 3 ing adepane Raden Kuda Rerangin karo Kutis, yaiku Patih Lugender
lan anak-anake. Wong-wong kuwi banjur perang lan gawe perjanjian yen Raden Kuda
Rerangin menang Patih Lugender kudu gelem ngiwangi goleki kangmase Raden Damar
Wulan.
Sawektu
wong-wong loro kuwi perang, Raden Kuda Rerangin menang lan Patih Lugender
kalah. Gelem ora gelem, Patih Luigender kudu gelem ngiwangi Raden Kuda Rerangin
goleki kangmase.
Pendeta
Wijaya Murti nduweni anak jenenge Mustika Wati. Mustika Wati mimpi yen Raden
Kuda Rerangin iku dadi bojone. Dheweke duka, amarga ora ngerti sapa kuwi Raden
Kuda Rerangin. Dukane Mustika Wati dikonangani marang bapane, bapane banjur
kongkon prajurite kanggo goleki Raden Kuda Rerangin.
Raden
Kuda Rerangin uwis katemu, bajur ditemuake marang Mustika Wati. Ing kono Raden
Kuda Rerangin dijlentrehake kenapa dheweke diutus marang Pendeta Wijaya Murti.
Sabanjure dheweke ngerti kahanane gelem dikawini marang Mustika Wati.
Sawise
wong loro kuwi mantenan, Raden Kuda Rerangin njauluk ijin lunga gawe goleki
kangmase. Dheweke banjur diijinake marang Pendeta Wijaya Murti. Pendeta Wijaya
Murti ngamanati yen ing dalan mengko dheweke bakal ketemu karo adhine, nanging
beda ibu tunggal bapa. Mustika Wati arep melu Raden Kuda Rerangin, nanging ora
entok marang bapane. Dheweke banjur manut lan ngenteni ning kerajaan.
Ing
dalan Raden Kuda Rerangin nglewati ngalas gedhe, ing kono dheweke weruh kidang
emas. Dheweke banjur nggodhak kidange mau. Jebulane mlayune kidang mau iso
nemuake adine Raden Kuda Rerangin, yaiku Raden Kuda Tilarsa.
Gara-gara
kidang ajaib mau, wong loro kuwi dadi padu, podho ngaran-arani yen ngumpetake
kidange mau. Wong loro mau banjur adu keris lan panah. Sawektu perang, wong
loro kuwi ngerti yen Raden Kuda Rerangin kuwi kakange Raden Kuda Tilarsa. Bubar
kuwi dheweke sepakat yen arep bareng-bareng goleki kakange Raden Damar Wulan
sing disiksa lan dipenjara ing kerajaan Majapahit.
Prabu
Klana Sari iku asale saka negara Wadhan Gupita, dheweke ngangeni Ratu Ayu
Kencana Wungu. Saking kangene Prabu Klana Sari marang Ratu Ayu Kencana Wungu
dheweke dadi kenthir. Kahanan kang mengkono kuwi gawe penggedhe, yaiku Dewa
Wasesa, penasehat raja, Klana Sura lan Patih raja golek cara gawe ngilangake
kangene Prabu Klana Sari ing ratu. Klana Sura banjur nugasi prajurite gawe
ngrebut lan gawa bali Ratu Ayu Kencana Wungu saka Majapahit. Amarga penggedhe
kerajaan, saiki Prabu Klana Sari uwis sadar lan dheweke ngutus prajurite kanggo
nyerang Majapahit.
Patih
Lugender isih nyimpen dendam marang Damar Wulan, mula dheweke nemuni Prabu
Klana Sari supaya ngrebut Ratu Ayu Kencana Wungu saka Damar Wulan. Amarga yen
ora direbut-rebut mengko sang ratu bakal dipek bojo marang Damar Wulan. Prabu Klana Sari krungu wadulane Patih
Lugender muntab nepsune.
Raden
Brawijaya utawa Raden Damar Wulan ngutus Raden Arya Menak Koncar supaya
nganaake serangan marang Prabu Klana Sari. Bgerti-ngerti prajurit Pajineman
entok informasi yen ana pasukan liyo medhaki wates kerajaan. Jebulane pasukan
kuwi yaiku prajurit pimpinane Dewi Mayang Sekar adhik Prabu Urubesma sing saka
Bali. Ing kono Dewi Mayang Sekar direwangi marang adhike yaiku Raden Menak
Suwondo.
Menak
Koncar, Adipati Tuban lan Adipati Daha diutus Raden Brawijaya kanggo mimpin
pasukan saka Majapahit. Ing perang kuwi Anta Laut (prajurit saka Bali) bisa
dipateni nganggo keris Menak Giyanti. Sureng Sana bisa dipateni marang Raden
Menak Jayeng Sekar lan Sureng Roro bisa dipateni marang Jayeng Sari.
Raden
Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa mlebu ing medan perang. Wong loro kuwi
ngadepi mungsuhe, yaiku Mangsah Pati lan Mangsah Yuda. Amarga Raden Kuda
Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa bisa ngalahake mungsuhe, dheweke nantang Raden
Brawijaya maju perang marang.
Raden
Brawijaya ngerasa kuwalahan nglawan Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa,
dheweke banjur ngilang lan ngakoni yen awake kuwi anake Patih Udara sing
jenenge Damar Wulan. Amarga dheweke kasil iso menggal gulune Menak Jingga,
dheweke diangkat dadi raja Majapahit lan ngawini Ratu Ayu Kencana Wungu.
Ngerti
mangkono kuwi, Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa lungguh lan nyembah
Raden Damar Wulan karo ngomong kang dipesenake marang eyang putrine, Bhagawan
Srengkara. Wong telu kuwi ngrasa seneng banget iso ketemu marang sedulure
kanthi ora cacad amarga perang maut mau.
Perange mau isih
lanjut, Raden Menak Koncar adep-adepan marang Mayang Gana, prajurit wedok kang
isih sedulure Dewi Mayang Sari.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar