Desti Ratna Kurniawati
Judul :
Sejarah Wayang Purwa
Pengarang
: Hardjowirogo
Edisi :
5
Penerbit :
PN Balai Pustaka, 1968
Kota Terbit :Djakarta
Tebal :
272
Wayang
iku seni kang adiluhung, ateges seni kang endah lan duweni wejangan urip kanggo
manungsa. Wayang mainke karo suara ganelan lan tembang kang dinyanyiake marang
sindhen-sindhen.
Perpustakaan
Perguruan Kementrian P.P nganaake buku “Sedjarah Wayang Purwa” kang nggambarake
wayang Purwa lan ditambahi katrangan-katrangan
babagan sejarah wayang kanthi singkat.
Wayang
Purwa yaiku lambang saka keuripan
manungsa ing donya. Kang dadi pokok
ceritane yaiku Hyang Manikmaya (Batara Guru) lan Hyang Ismaya (Semar).
Kedadean kuwi didadiake
pralambang. Ismaya lambang manungsa kang kasar.
Manikmaya lambang saka kaalusan batin manungsa. Jiwa keras Semar iku
gawe jaga Pandhawa kang awujud Pancaindra utawa lima peresan awaking manungsa.
Wong kang ngiling-iling
babagan iki, mesthi pada jaga keslametan awake dewe-dewe. Pancaindra kayata irung (Yudistira), kuping (Werkudara),
mata (Arjuna), lambe (Nakula) lan kulit (Sadewa).
Batara Guru kang duwe
sipat alus. Dheweke ngawasani kang ora nduwe cacat babar pisan ing awake. Guru
pancen nguwasani sak jagad alam nanging amarga kebijaksanaane Semar, dheweke
bisa ngatasi kasaktiane Guru.
Ing inti pokok wayang
iku saka cuplikan para seniman karya sastra lan dijikuk inti sarine banjur
digawe buku. Lakone uga padha namung beda keaneragaman sastra kang diwujudake.
ISI
Ing
sajerone buku iki njlentrehake babagan silsilah wayang purwa lan ciri-cirine.
Wayang ing sajerone buku iki yaiku : Batara Guru, Dewi Uma, Begawan Abiyasa,
Prabu Abjasa, Patih Among, Betari Durga,
Betara Narada, Betara Indra, Sang Hyang Baju, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang
Brama, Bambang Bremana, Bambang Bremani, Batara Surya, Batara Asmaya, Sang
Hyang Kamadjaja, Dewi Kamaratih, Batara Jamadipatih, Betara Kala, Hyang Batuk,
Hyang Tembara, Hyang Balaupata, Antaboga, Nagagini, Dewi Sri, Raden Sadana,
Prabu Watugunung, Bambang Srigati, Prabu Srimahapunggung, Prabu Sengkanturunan,
Prabu Basukesti, Raden Seta, Wahmuka, Harimuka Resi Manumajasa, Bambang
Sakutrem, Bambang Sakri, Raden Palasara, Prabu Sentanu, Raden Dewa Brata, Resi
Bisma, Raden Sucitra, Raden Drupada, Raden Gandamana, Raden Ugrasena, Raden
Setyaki, Prabu Basudewa, Prabu Baladewa, Prabu Kresna, Raden Samba, Patih
Udawa, Raden Destarastra, Prabu
Dewanata, Raden Puntadewa, Prabu Yudistira, Dewi Drupadi, Raden Pancawala,
Raden Bratasena, Raden Werkudara, Dewa Ruci, Raden Antasena, Raden Gatotkaca,
Raden Arjuna, Raden Nakula, Raden Saweda, Semar, Bagong, Petruk, Gareng, lan
sapanunggalane.
Ing
buku kuwi uga njlentrehake babagan gaman utawa senjata, siasat perang, bendi,
keris, panah, lan sapanunggalane.
Kaunggulane
buku iku cara ngandharake babagan urut-urutane silsilah keluarga wayang purwa
kanthi cetha lan ora mbingungi. Kurangane buku iku nganggo Ejaan jaman biyen,
dadi yen sing maca durung kulina maca tulisan kuno bingung kepiye macane, akeh
tembung-tembung sing angel dipahami kanggo wong awam, lan daftra isi sing ora
urut nomor halamane, nanging mung urut jeneng-jeneng wayng purwa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar