Sabtu, 19 Desember 2015

Tuladhane GEGURITAN



GEGURITAN 
karya : Desti Ratna Kurniawati
ULEM ABANG

Awakku bali saka lunga
Sanadyan nduwe kekarep bisa turu angkler
Ning, apa daya awak iki
Weruh ulem abang ing kursi
Tak waca nganti premati
Mak tratap ing ati
Eluh kang tumetes ing pipi
Duh gusti kang handarbeni
Cobaan apa maneh iki
Rasane perih nganti tlenging ati
Ana jenengmu ing jero ulem abang
Sliramu kang bakal nyandang
Nyandang dadi bojone liya
Kabeh kekarepan ambyar
Ambyaaaar !!!
Ambyar sa paran paran



JAMAN EDAN

Jaman saiki,
Jaman uwis edan
Jaman wis ora karuan
Ora ndheleng sapadhan-padhan
Apa kang miturute becik ing badhan, 
kabeh kudu kasembadhan
Padha ngumbar hawa lan nepsu

Jaman edan,
Jaman sing saben manungsa kudu tenanan
Kudu gelem prihatin
Ngeningke cipta manunggal rasa
Manembah gusti kang maha suci
Supaya cedhak ing ngarsane gusti





PANGGIH PANGANTEN

Tumuthing gendhing kinanthi
Lampahipun sri panganten putri
Tumuju ing dapur keprabon
Anjangkah sapecak mungu, sapecak kendel
Ugi tumuju ing sri panganten putra kalian bapak ibu
Kalampahn adicara kang sinebut panggih panganten
Balang suruh, pidhak tigan
Sindur, timbang, tanem jero, lan kucar kucur
Kanthi sumungkem pratandha dingabekthi
Sedaya suka bagya
Cinaketing ing memitra



WANITA
Wanita,
Nuweni teges wani di tata
Ora pareng sembrana
Supaya adoh saka kadurjana

Wanita,
Seselake murih mundhak ndhuwur
Aja ojag ajig ora nemtu
Dadia wanita kang prasaja lan gembira
Kanthi bisa manehi ademing ati para kawula
 

 GUSTI 

Sang Tri Tunggal,
Cahyane nur kahuripan
Cipta, karsa, rasa, lan kwasa
Awujud dumadi kang kinarti
Gusti,
Cipta alam iki
Kabeh titahe Gusti Ilahi
Roh sejati jumeneng ing dhiri
Tlenging prahara ana lathi
Gusti,
Nyata tanpa mata
Ning mangerti tanpa dimuruki
Kawula mesti enggal bali
Bali ing ngarsane Gusti
Gusti, Gusti, Gusti Ilahi


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar