CERKAK 1
Karya : Desti Ratna Kurniawati
AKU
ANAKE SOPO?
Rusmiyati,
celuk wae Rusmi. Saking ayu rupane nganti lali jaga pawadone. Dheweke durung
lulus SMP uwis meteng telu sasi. Rusmi sing diombeni congyang lan digilir wong
papat ing tengah sawah sabubare bali sekolah. Amarga isin marang sanak sedulur,
Rusmi lan bojone pindhah ing desa Jetaksari, Pulokulon, Grobogan.
Kasil saka kuwi, lair bayi lanang kang
dijenengi Rian. Telu dina sauwise bayine lair, pakne minggat ana ing
Kalimantan.Saiki Rian umure wis sanga tahun lan saiki kelas telu SD ing desa
Jetaksari, Pulokulon, Grobogan. Rian uripe kang katula-tula, nduwe pak tiri
galak jenenge Pardi.
“Yan, tukoke rokok.
Cepet !” kongkone Pardi.
“Inggih pak. Sekedhap
nembe isah-isah piring”
“Apa?! Kowe dikongkon
tuku rokok malah kleta-klete” mlaku rada banteran marani Rian karo muntab
nepsune. “Nyoh ki akibate yen dikongkon pakne wegah” karo nyabeti gegere Rian
sing lagi ndhodhok ing dingklik karo ngisahi piring nganggo sabuk kulit.
“Aduhh,pak. Ampun pak,
ampunnn” Rian nangis misesegen.
“Ana apa to mas, kok
rame temen?” sambunge Rusmi.
“Deloken anakmu kuwi,
dikongkon tuku rokok ora mangkat. Anak sumbangan yo ngono kuwi. Ora iso dijak
sambat.” Misuh-misuh karo lunga metu.
Rusmi banjur nyedhaki
Rian karo nonyo-nonyo sirahe. “Kuwi akibate yaa, yen kowe dikongkon ora manut,
ora ndang gage. Kowe ki lah po ora gelem ndang menyat? Hee??”
Rian mung bisa meneng
karo nangis ngrasakne larane.
“Nyohh walesanmu !”
karo diciweli bokonge bola-bali. “wis kono njaluk ngapura karo pakmu. Layani
kabeh panjaluke.”
Saben dina kayak
mengkono kuwi sing dilakoni bapak ibune Rian. Rusmi sing dadi ibu kandunge uga
ora sayang babar blas marang Rian. Apa maneh pakne tirine, sing cetha ora anake
dhewe. Ing kono Rian ora bisa sambat marang sapa wae, dheweke mung bisa nangis
lan nangis.
Saben isuk Rian ngangsu
banyu gawe adus saomah lan masak. Sabubare kuwi ngisahi piring lan nyapu omah,
Rian lagi adus lan mangkat sekolah. Rian iku wis kalebu beja isih bisa sekolah,
kuwi uga marga saiki sekolah gratis. Saben isuk Rian ora tau sarapan. Boro-boro
sarapan, apa maneh disangoni. Saben njaluk dhuwit ora dikei malah disabeti
nganti nangis klengkengan. Mula bubar kuwi Rian uwis ora wani njaluk sangu
maneh.
CERKAK
2
Karya : Desti Ratna Kurniawati
MANTAN
PACARKU
Surti
nduwe pacar jenenge Tono, cah loro kuwi uwis pacaran limang taun. Surti saiki
kuliah ana ing Universitas Negeri ing Solo, yen Tono kuliah anak ing
Univertsitas swasta ana ing Jogja. Saiki wong loro kuwi uwis kuliah semester papat.
Wong loro kuw saben wulan durung mesthi ketemu, dheweke ketemu yen ngepasi
balik kampung bebarengan utawa preinan kuliah. Dheweke uga komunikasi mung lewat BBM, SMS lan Line. Iku uga ora mesthi,
amarga Tono jadwale padhet melu organisasi Himpunan Mahasiswa utawi HIMA.

Dina esuke lagi dibales
marang Tono.
![]() |
04.30
Surti balesi.


Surti
mesthi balesi SMS-e Tono ora tau telat, tur mesthi perhatian banget. Nanging
beda karo Tono, dheknen bales mung ya, oke, siap. Ora perhatian babar blas.
Padahal Surti kepingin dheweke diperhatiani kaya mbiyen.
Sawijining
dina, surti ditaksir marang seniore sing uwis semester wolu. Wong lanang kuwi
ketua UKM tari, mula saben Surti gladhen nari dheweke ketemu. Ora salah yen
seniore kuwi kepincut marang Surti, dhasare Surti pawakane ayu, gedhe dhuwur
tur nawon kemit. Yen nari awake kanthi lemes, endah uga yen mendhak bokonge
njentit. Mlakune sang wektu, wong loro uga kerep ketemu, bocah lorokuwi
pacaran. Pranyata Tono uga ora ana kabar blas, pancen Tono sibuk nanging jenenge wong wedok yen suwe-suwe dikaya
mengkonoake uga ora betah.
Dina
selasa, 27 Desember 2007 Surti ulang taun kaping 20. Tono kepingin gawe suprise
marang Surti, mula dheweke ora ngomong yen arep nyusul ning Solo. Salawase
Surti kuliyah ing Solo, Tono durunmg tau nyusul tekan kana. Mula sawektu kuwi
goleki kos-e Surti sadina mbethethet. Jam 17.00 Tono lagi ketemu kost Kusuma
Putri nomor 32, kos-e Surti.
Thok, thok, thok
“Assalamualaikum” Tono nothok lawang.
“ya, cari siapa ya
mas?” kancane Surti.
“Saya pacarnya Surti,
Surtintya ada mbak?”
“Surti lagi latihan
nari dikampus mas.”
“Surti latihan
digedhung apa ya mbak kalo saya boleh
tahu?”
“Gedung A5 ruang 207
mas.”
“Makasih ya mbak, mari.
. .” Tono banjur lunga menyang kampuse Surti. Sawektu tekan kmapus, Tono kanget
banget.
“Surti.” Celukane Tono
sing angles.
“Mas Tono.”
Tono banjur langsung
ndhokok kembang lan roti ulang taun ing kursi lan lunga.
“Mas rongokno aku” karo
mblayu nututi Tono. “Mas . . mas Tono, mandheko sik.”
“Wis cukup Sur, aku
uwis weruh kabeh apa sing mbo lakoni ning mburiku.”
“Mas aku duwe alesane.”
“Sayange aku ora butuh
alesanmu Sur.” Karo mlaku separo mblayu.
“Mas.”
“Uwis. Aku arep bali.”
“Mas, rungokno aku
pisan wae.” Karo narik tangane Tono.
“Ora Sur, abeh iki uwis
jelas kabeh, uwis cetha ketok moto.” Karo nyingkirke tangane Surti.
“Mas !” karo nyentak
Tono. Tono uga banjur mandhek, ning ora gelem nemeti rupane Surti. “Pancen
awakmu kuwi lara weruh aku mung kaya ngono, tapi sabenere aku sing luwih lara
ketimbang kuwi.”
“Kowe ngomong kanthi
endahe, kabeh kuwi nganggo tembung mung?”
pitakone Tono karo gregetan.
Surti mung bisa meneng
lan nangis.
“kowe kuwi lo,
ambung-ambungan karo wong lanang liya. Nganti digremek-gremek uga meneng wae.
Apa kaya mengkono Surti sing tak kenal? Aku sing pacarmu pirang-pirang taun,
apa aku tau kaya mengkono? Opo yo miturutmu
kabeh kuwi becik?”
Kahanan kampus sing wis
sore, ora ana wong liya gawe kahanan atine Tono tambah gregel lan ngresep ing
ati.
“Sampeyan sing gawe aku
kaya mengkene mas.”
“Alah
rakusah golek lepate wong liya, iws cetha ketok moto kowe sing lepat. Ngono isijh
golek
alesan, dasar wong wedok wuta. Wuta rasa, wuta iman.”
Surti
langsung gladepen krungu omongane Tono mau, banjur dheweke bali kost lan
mutuske hubungane marang Tono. Surti uga putus karo seniore, amarga dheweke
uwis sadar yen kaya mengkono kuwi lelakon sing pora becik lan ngrusak dhiri.
CERKAK
3
Karya : Desti Ratna Kurniawati
DHAWUHE
IBU
Dewi Lumitasari bacah gadis sing dedege gedhe dhuwur, tur
praupane ayu. Dewi kuwi bocah sing manut karo wong tuwa, paling utama ya karo
ibune. Yen ibune ngendhika “ora” yo dheknen “ora”. Dewi ngrumangsani dadi anak
sing isih dipakani tur bab apa-apa uga isih karo wong tuwa, mula dheweke kudu
manut lan bekti.
Ibu :”Nduk, mrenea sedhelok.”
Dewi :”Wonten punapa bu?”
Ibu :”Tulung gotongi mengarep sega lan sayure.
Supaya bisa gawe dhahar bapak.”
Dewi :”Nggih bu.”
Ibu
:”Wis tugase dirampungi sek! Wong
kok ngadhepi laptop wae. Mbok yo srawung karo kanca-kancane kana lho.”
Dewi :”Nggih bu, mangkih mawon kirang sekedhik.”
Ibu :”Apa kowe ora kepingin kaya kanca-kancane
nduk?”
Dewi :”Kados pundi kekarepane ibu?”
Ibu :”Ya
dolan karo pacarmu, mbuh ning ndi. Bocah gadis kok isine nugas kuliah nugas kuliah wae.”
Dewi :”Nggih kepingin bu, nanging kula mboten
gadhah pacar o bu.”
Ibu :”La jaremu kowe disenengi kancamu sing
jenenge Gagah kae?”
Dewi :”Ngendhikane ibu, kula mboten angsal
kaliyan mas Gagah.”
Ibu
:”Ya ora entok to nduk. Wong yo pagaweyane mung buruh tani. La mengko
kepriye mangarepe?”
Dewi
:”Bu, rejeki, jodo lan pati samenika Gusti Allah sampun nyepaake.
Dados boten usah kuwatir.”
Ibu
:”Iyo benero nduk, jodo, rejeki lan
pati kuwi wis ana sing ngatur. Ning yen dadi buruh tani mengkono kuwi mung
cukup gawe mangan sadina-dinane. Kadang uga tuna yen panene wurung.”
Dewi mung meneng ora
semaur meneh karo nerusake tugase mau.
Ibu :”Nduk, iling mas Rio putrane pak Kades
apa ora?”
Dewi :”Nggih bu, kados pundi?”
Ibu
:”Aku mesore pas bali tuku tepung to
nduk, lewat ing ngarep omahe pak Kades.
Ning kono ana wong lanang lungguh ning
ngarep kursi. Lha kok ngomong “saking
pundi bu Iyem” aku yo kaget to nduk. Bar iku aku takon mbak Tatik, ee
jebulane mas Rio nduk. Ya Allah, saiki nduk baguse ora eram, nganti pangkling
ibu.”
Dewi :”Lah nggih pancen saking mrikone sampun bagus
bu.”
Ibu
:”Uwis bagus, grapyak. Saiki to
nduk, mas Rio uwis mapan, nduwe pagawean
ning bank. Edahe Gusti yen nduwe mantu kaya mengkono.”
Dewi :”Halah
ibu menika kok yo kados makaten to?”
Ibu :”Kaya mengkono piye to nduk. Lah yo
pancen bener to omongane ibu?”
Dewi
:”Inggih leres bu, nanging nggih mboten kados
makaten. Punapa purun mas Rio kaliyan kula, wong kula kados makaten nggih dereng
gadhah pagaweyan.”
Ibu :”Wong awakmu kuwi ayu. Yo dimanfaatake gawe golek sing
luwih becik.”
Dewi meneng lan ibune
lunga menyang pawon .
Sawektu sore, Dewi nyapu plataran ana mas Rio lewat.
Rio :”Nyapu dhik Dewi.”
Dewi :”Nggih mas Rio. Saking tindhak pundi?”
Rio :”Saka daleme pak Dul ngaturaken layang dhawuhane bapak.”
Dewi :”Owalah nggih mas.”
Ibune Dewi saka
pawon krungu yen ana
Rio lagi omong-omongan karo Dewi. Banjur
dheweke metu nututi.
Ibu :”Ma Rio, mampir rumiyin.”
Rio :”Nggih bu, matur nuwun.”
Ibu :”Ora papa, ayo mampir ngincipi tehe bu
Iyem.”
Rio :”Mboten bu, matur nuwun. Samenika sampun
sonten. Mangga bu, dhik Dewi.”
Ibu :”Mangga, mangga mas.”
Ibune banjur nyedhaki
Dewi sing lagi nerusake nyapune.
Ibu
:”Kuwi deloken, wong lanang baguse
kaya mengkono kurang apa coba? Ngana kok ya ora gelem. Kowe ki sak jan jane
golek sing kaya apa?”
Dewi :”Mboten prekara kula mboten remen punapa mboten bu.”
Ibu :”La trus apa? Kowe isih ngaboti Gagah lanangan
kaya mengkono?”
Dewi :”Mboten
bu.”
Ibu :”La trus apa?”
Dewi :”Samenika mas Rio sampun dijodohaken kaliyan
putrine pak carik sebrang desa.”
Ibu :”Anake pak carik Susanto kuwi nduk? Si
Amel?”
Dewi :”Kula nggih mboten paham bu.”
Ibu :”Lha kok kowe bisa ngerti?”
Dewi :”Kula dikandani Arin bu.”
Ibu :”La kowe percaya?”
Dewi
:”Nggih percaya bu, la ibune Arin kerja
ing daleme pak Kades nggih mesthine leres kabar kados makaten.”
Ibu :”Kowe percaya mas Rio gelem dijodohake?”
Dewi :”Kula nggih mboten paham menawi kados makaten.”
Ibu
:”Pokoke yo nduk, yen durung ana
janur kuning kowe kudu berusaha ngentoake atine mas Rio.”
Dewi :”Samenika kula sampun minder bu.”
Ibu :”Lah kok ngono to nduk?”
Dewi
:”Ngendhikane tiyang estri ingkang badhe
dijodohake kaliyan mas Rio sampun dados
pegawe ing Rumah Sakit Rahayu. La kula mawon taksih sekolah.”
Ibu :”Uwis rausah kaya ngono, penting kan
praupane ayu kowe nduk.”
Dewi
:”Nanging kula nggih mawan dhiri bu. Amel
samenika putrine pak carik sing kondhang sugihe. La bapak namung dados buruh
momong ing SMP, kita inggih mung urip sederhana, penting sarwa kecukupan.”
Ibu
:”Aku yakin keluargane pak Kades
wong sing becik kabeh. Ora bakal mandang sih kono sih kene. Akeh bandha kono akeh
bandha kene. Uwis to nduk, ora usah mikir sing ora-ora. Percayana karo
ibu.”
Dewi :”Nggih bu.”
Ibu
:”Iku dhawuhe ibu, ibu kepingin
nduwe mantu sing kaya mengkono. Titik ! uwis ibu arep nerusake masak.”
~CUTHEL~
Tidak ada komentar:
Posting Komentar