Selasa, 29 Desember 2015

Ramayana Anoman Duta



Anoman Duta
Anoman Duta utawi Anoman Obong menika nyariosaken lelampahanipun Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipunPrabu Ramawijaya nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Dewi Shinta (garwanipun Prabu Rama) ingkang dipun dustha (diculik) déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiaja, saperlu badhe dipun rasuk/digarw
Anoman
Anoman anggenipun lumawat wonten ing negari Ngalengka dipun kantheni dening para Anila, Jembawan, sumawana Bagonglan dipun biyantu dening kadhang Bayu (sedherekipun Anoman ing sami-sami kaputra dening Bathara Guru ingkang cacahipu wonten sanga inggih menika, Bathara Bayu, Bayu Kusuma (Wrekudara nanging dèrèng lair ing marcapada), Wiljajahwreka, Liman Situbandha, Garuda Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Anoman piyambak, tuwin gunung Maenaka).
Alangan
Nalika Anoman badhe tumuju ing negari Ngalengka lampahipun kepalang samudra. Anoman lajeng dipun tulungi dening Gunung Maenaka kanthi dipun uncalaken saking pucuking redhi tumuju ing negari Ngalengka. Nalika wonten ing gegana, Anoman kraos dipun serot saking salebeting samodra saengga lumebet ing samodra. Pranyata Anoman dalah para panakawan dipun serot dening Ditya Wil Kathaksini lan lajeng kaunthal lumebet ing wadhukipun raseksa prajineman Ngalengka menika. Wadhuk lajeng kasudhet mawi kuku Waja (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat Kuku Pancanaka inggih mangga kemawon, namung kemawon sapangertosan kula bilih kuku Pancanaka menika kagunganipun Raden Werkudara. Ditya Wilathaksini sirna margalayu. Anoman lajeng nerusaken lampahipun.
Diracun
Sasampunipun Anoman dumugi ing tepis wiringing negari Ngalengka, Anoman dalah para panakawan kraos luwe sanget, tumuli lajeng sami padhos warung.Dumadakan ing mriku wonten satunggaling warung ingkang mandhe woh-wohan lan dhaharan saha unjukan.Ingkang mandhe awujud wanitya ingkang sanget sulistya ing warni. Anoman saha para Panakawan lajeng sami jajan wonten ing mriku. Lan sajakipun Anoman ingkang wekdhal menika taksih mujudaken jaka-tumaruna ugi lajeng kepranan kaliyan ingkang mandhe, wusana ngantos dumados sesambetan saresmi (hubungan seksual) kaliyan wanita menika. Sareng cekap anggenipun sami suka pari suka, Anoman dalah para Panakawan lajeng pamit badhe nglajengaken lampah. Nanging dereng nganthos Anoman tebih saking papan mriku, dumadakan Anoman lan para Panakawan paningalipun sami mboten saget kangge ndhulu saengga dados wutha. Jalaran wanita ing sesadheyan menika jebulipun garwa seliripun Prabu Dasamuka ingkang sesilih Dewi Sayempraba ingkang pancen dipun utus dening Prabu Dasamuka supados ngalang-alangi tetiyang ingkang dados dutanipun Prabu Rama. Woh-wohan saha dhaharan ingkang dipun tedha dening Anoman tuwin para Panakawan menika pranyata sampun dipun paringi racun ingkang saget anjalari wuta tiyang ingkang nedha. Mila Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng nandhang wutha. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami tetangisan nggetuni dumateng lelampahanipun ingkang nembe kemawon dipun lampahi. Anoman dalah para Panakawan ugi lajeng sami mbacutaken lampahipun senajan kanthi grayah-grayah amargi sami mboten sumerep margi.
Garuda
Kacarita ing tengah margi, Anoman kepanggih kaliyan Garuda Sempati kadhangipun Garudha Jatayu ingkang sampun sirna dipun pejahi dening Prabu Dasamuka rikala badhe mitulungi Dewi Shinta ingkang dipun dustha Dasamuka kanthi ngambah ing gegana.Garuda Jatayu sirna kasabet pedhang Menthawa dening Prabu Dasamuka.
Sasirnanipun Jatayu, Dewi Sinta lajeng dipun betha wangsul Prabu Dasamuka tumuju ing Ngalengka lan lajeng dipun papanaken ing Taman Argasoka (Taman Sokka) ingkang dipun jagi para prajineman (prajurit sandhi) Ngalengkadiraja ingkang awujud raseksa.
Bandayuda
Wangsul bab Anoman ingkang sampun pianggih kaliyan Garudha Sempati. Anoman dalah para Panakawan lajeng dipun usadhani kaliyan Garudha Sempati saengga saget waluya jati (saget mriksani malih). sasampunipun lerem sawetawis ing papan mriku, Anoman lajeng nglajengaken lampah tumuju ing negari Ngalengka. Tindhakipun Anoman nglangkungi margi ingkang alus sanget pindha babut. Nanging jebulipun margi ingkang ketingal alus sanget menika jebulipun sanes margi ingkang limrah nanging jebulipun mergi menika ilatipun Ditya Ilatmeja inggih Wil Kathaksa ingkang dipun gelar saengga Anoman mboten nglegewa menawi lumebet wonthen tutukipun yaksa menika. Sareng sampun dumugi wadhukipun Ditya Ilatmeja, Raden Anoman nembe sadar meniwi piyambakipun sampun wonten wadhukipun yaksa. Wadhukipun Ditya Ilatmeja lajeng dipun bedhah mawi "kuku Waja" (wonten kadhang dhalang ingkang nyebat kuku Pancanaka inggih mangga mawon, jalaran menawi saking pemanggih kula kuku Pancanaka menika gadhahanipun Raden Wrekudara). Ditya Ilatmeja lajeng sirna margalayu amargi wadhukipun jebol.
Taman Asoka
Anoman lajeng nglajengaken lampah.Sareng dumugi baluwerti Ngalengkadiraja, Anoman lajeng mlebet wonten ing Taman Asokka kanthi mlumpati baluwerti saperlu manggihi Rekyan Wara Sinta. Anoman lajeng sesingidan wonten ing wit Nagasari saperlu ngulati kawontenan murih sampun nganthos kesumerepan dumateng para yaksa prajineman ingkang jagi taman. Sareng kawontenan sampun sepen, Anoman lajeng tetembangan wonten ing mriku saengga kepireng Dewi Trijatha (putrinipun Raden Gunawan Wibisana,rayinipun Prabu Dasamuka, ingkang tinanggenah ngladhosi Dewi Wara Sinta). Dewi Trijatha ugi lajeng nyaketi suwanten menika kang mboten sanes suwantenipun Anoman. Anoman sumerep Dewi Tijatha sanalika nandhang asmara/gerah wuyung.
Trijata Wuyung
Nyumurupi wonten riwandha (kethek) ingkang ulesipun putih memplak kadhos kapas, Dewi Trijatha sanget kesengsem. Anoman lajeng dipun lus-lus kanthi dipun pangku saengga Anoman nganthos mijil kamanipun (air mani) lan dumawah wonten pangkonipun Dewi Trijatha. Kama lajeng dipun usap mawi ron kamal, lan dipun bucal ing bengawan. Kamanipun Anoman ingkang korut wonten bengawan menika lajeng dipun openi dening Dewi Pratalawati (garwa seliripun Prabu Dasamuka) ing negari Guwa Pratala (mapan ing dhasaring samudra) ingkang ing tembenipun lajeng dados jabang bayi wujud wanara seta ingkang dipun paringi nami Raden Trigangga inggih Triyangga. Trigangga ugi lajeng kaaken (dipu angkat) putra ingkang angka kalih (dawah enem), jalaran Dewi Pratalawati sadherengipun panci sampun kagungan putra patutan kaliyan Prabu Dasamuka ingkang sesilih Raden Bukbis inggih Raden Pratalamaryam/Kunthalamaryam.
Ali-ali
Wangsul bab Anoman ingkang nembe lumebet ing Tama Asokka. dening Dewi Trijatha, Anoman lajeng dipun sowanaken dumateng Dewi Sinta. Ing mriku, Anoman lajeng maringaken sesotya (ali-ali/cincin) agemipun Prabu Ramawijaya. Menawi Sesotya menika dipun agem Dewi Sinta saget "pas", tegesipun mboten sesak utawi lobok pratanda yen Dewi Sinta dereng nate karasuk dening Prabu Dasamuka. Lan kabukten sesotya menika ugi pas dipun agem wonten dirijipun Rekyan Wara Sinta ingkang nedhahaken bilih Dewi Sinta taksih suci. Dewi Sinta ugi lajeng maringi ageman susuk kondhe pinangka pralambang bilih Dewi Sinta sanget ngajeng-ngajeng rawuhipun Prabu Ramawijaya.
Nalika Anoman nembe wawan pangandhikan bab kasugenganipun Prabu Ramawijaya dalah ingkang rayi Raden Laksmanadewa/Laksmana Widagda, tuwin para pwana Pancawati, dumadakan kapriksan para prajurit Ngalengka. Anoman lajeng badhe dipun cepeng nanging bonggo. Wusana ndadosaken bandayuda.
Anoman Obong
Gelising carios, Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid inggih Meganandha, putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman mboten saget tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika dipun awut-awut saengga kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng negari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing Pancawati.
Tepis Wiring
Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken antawisipun Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara (semaput) mbothen imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten sanes kejawi raden Wibisana (rayinipun Prabu Dasamuka) ingkang dipun kepruk "paidhon /kecohan" (bokor) amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama.
Salajengipun Raden Wibisana lajeng dipun kanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing negari Pancawati, Wibisana lajeng dipun aken minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados "penasehat" raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana menika, tundhanipunpara wadyabala tuwin seniapti-senopati Ngalengka saget dipun wuningani anggeranipun (rahasia hidup matinya) saengga saget dipun sirnakaken, kalebet Prabu Dasamuka ugi.

Kamis, 24 Desember 2015

ARTIKEL basa Jawaa



ABSTRAK
TARI GAMBANG SEMARANG SING DADI WARISAN BUDAYA MASYARAKAT SEMARANG LAN WAJIB DI URI-URI
Desti Ratna Kurniawati
Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa, Universitas Negeri Semarang
Sekaran, Gunungpati,
Kota Semarang, Jawa Tengah, 50229
humas@mail.unnes.ac.id , (024) 8508093

Kata Kunci : Gambang Semarang

KAWIWITAN
A.    PLATARAN
Gambang Semarang yaiku salah siji kesenian sing lair lan ngrembaka ing kutha Semarang, sing nampilake unsur-unsur seni musik, vokal, lan lawak. Nanging didelok pola garapanne, Gambang Semarang bisa dikategoriake kesenian trasional kreasi. Amarga bisa ngrembaka ing kalangan rakyat biyasa. Sing uwis nglakoni sejarah cukup suwe lan tetep ngrembaka ing usnur-unsur seni sing uwis di duweni wiwit mbiyen. Lumrahe kesenian tradisional dijabarake dadi kesenian sing urip lan ngrembaka ing daerah tertamtu sing di dukung masyarakate. Gambang Semarang uga lair amarga inisiatif lan dukungan masyarakat Semarang sing kepingin nyukupi kebutuhan kesenian.
Kesenian iki yaiku tarian sing diiringi musik saka belekan-belekankayu lan gamelan jawa sing bisa disebut gambang. Saliyane tari lan musik sing dienggo yaiku kendhang, bonang, kempul, gong, suling, kecrek, lan gambang. Budaya Tionghoa katon saka anggunaake alat musik gesek konghayan utawa tohyan.
Lagu-lagu sing kerep ditampilake ing pentas Gambang Semarang diciptaake Oei Yok Siang puluhan taun silam. Lagu sing paling diiling-iling Gambang Semarang yaiku empat penari. Saliyane iku, lagune isin-isin kucing sing terkenal generasi tuwa ing kutha Semarang lan sakitare. Lagu-lagu Gambang Semarang  rasane bungah lan dapuk karo tari sing gemulai, ning seger. Khas tariane ana ing gerak dlamakan sikil sing njungkat njungkit sepadhan irama lagu sing lincah lan dinamis. Unike kesenian iki nggambarake ing saben gatra lagu empat penari. Gatra lagu Gambang Semarang, yaiku.
Empat penari kian kemari
Jalan berlenggang, aduh . . .
Sungguh jenaka menurut suara
Irama gambang
Sambil bernyanyi jongkok berdiri
Kaki melintang, aduh . . .
Langkah gayanya menurut suara
Gambang Semarang
Bersuka ria, gelak tertawa
Semua orang, karena
Hati teriak grak grik
Si tukang kendhang
Sambil bernyanyi jongkok berdiri
Kaki melintang aduh . . .
Langkah gayanya menurut suara
Gambang Semarang
Gambang Semarang dipentaske ana ing event utawa acara kayata perayaan taun anyar China ing klentheng-klentheng, acra ngantenan, khitanan, karnaval : dugderan kanggo nyambut wulan suci ramadhan, nyambut turis mancanegara, lan sapanunggalane. Yen ditonton tari Gambang Semarangan iku ora duweni aturan-aturan gerak sing pakem. Nanging, yen di gatheake nganti teliti tari Gambang Semarangan mau nduweni unsur-unsur polah tari sing kasebut lambeyan, genjot, ngondhek lan ngeyek. Sauwise ditampilke selingan lawak karo tema sing ditetepake karo kahanan nyata.
B.     RUMUSAN MASALAH
Kanthi plataran sing dijabarake mau, ala masalah sing bisa dijabarake marang panulis.
1.      Kepiye kahanan tari Gambang Semarang ing jaman era globalisasi?
2.      Masyarakat Semarang apa isih nguri-uri tari Gambang Semarangan?
3.      Kepiye carane masyarakat iku mujudake?
4.      Kaya apa miturute masyarakat Semarang ngenani tari Gambang Semarangan?
C.    LANDASAN TEORITIS
Budaya iku tatanan urip sing ngrembaka, lan diduweni bebarengan ing sawijining kelompok lan diwarisake saka generasi neng generasi. Budaya yaiku pola urip sakabehane kang duweni sipat komplek, abstrak lan amba. Akeh aspek budaya memtoake tingkah laku komunikatif . Unsur-unsur sosio-budaya ini kasebar lan ngliputi  akeh babagan sosial manungsa. Ana alsan manungsa nglakoni kangelan sawektu komunikasi karo manungsa liyane kang katon ing panjabaran budaya : “budaya yaiku salah siji perangkat sing angel nilai-nilaine uga dipolarisasikan ing citra sing berhubungan karo pandhelengan istemewaane dhewe-dhewe.”
            Tradisi utawa kabiasaan ing panjabaran sing paling sederhana yaiku babagan sing uwis dilakuake wiwit suwe lan dadi bagian saka kahuripan kelompok masyarakat. Babagan sing paling dasar saka tradhisi yaiku ana pawarta sing diterusake saka generasi ning generasi becik tertulis utawa lisan. Amarga yen oraana iki, tradhisi bisa  punah. Tradhisi ini uga nggambarake polae manungsa sing nuju ing kelakuan gawe ngulangi babagan kuwi dadi kebiasaan.
            Gambang kuiw dhewe yaiku alat musik tradisional sing saka 18 belekan pring sing dimainke nganggo cara dithuthuk. Alat musik ini digunaake ing kesenian gambang Kramong Betawi. Kang digawa kelompok  gambang Kramong nganti tekan Semarang. Banjur Lie Hoo Siyang ngrembakaake kesenian kasebut dadi Gambang Semarangan. Gambang Semarangan nduweni unsur hawa Cina Tionghoa lan Jawa sing nggambarake masyarakat Semarang kang dadi proses asimilasi utawa integrasi kalorone.
D.    METODE OBSERVASI
Gawe ngentoake informasi sing dibutuhake, penulis nglakuake tekhnik wawancara karo masyarakat sing ana kaitane. Saliyane iku uga penulis golek referensi studi pustaka saka internet sing ana hubungane karo Gambang Semarang.
E.     KASIL LAN PANJLENTREHAN
Berliana:2015:26 siswa SMA N 12 Semarang. Miturute dheknen sinau kepisanan Gambang Semarang sawektu ing sekolahane sawektu kelas sepuluh amarga ana mata pelajaran seni tari lan materi wajin disinauni, diapalake, lan ditampilake dadi biji Ujian Akhir Semester(UAS). Ing taun 2015 iki uga dheknen ngapresiasiake maneh nganggo cara melu festival Gambang Semarang ing mall Ciputra Semarang. Amerga dheknen lan kelompoke sregep anggone latihan, dheknen bisa ngentoake juara 2 harapan. Amarga gerakane Gamabng Semarang ora angel, dheknen cukup latihan rong minggu tok.
Berliana:2015:26 ngomong “yen gawe nari Gambang Semarang gampang-gampang angel, amarga ing njerone tari kuwi mbutuhake siji tekhnik sing ora ana ing tari-tari liyane. Yaiku kemistri karo pasangane narine lan gerakan awake kuwi asli Semarangan dadi ya ora entuk luwih ora entok kurang.” Dheknen seneng bisa ngapresiasi budayane, sakliyane kuwi dheknen uga seneng bisa menangake acarane. Dheknen uga ngomong “kesenian iku wajib dilestariake karo ngrembakane jaman. Malah akeh tekhnologi sing bisa dimanfaatake gawe ngeksplore budayane dewe. Tuladhane ngrekam video tariane banjur dileboake ing media sosial utawa youtube supaya wong liya bisa ngerti budayane dhewe. Ora malah nglaliake budayane dhewe, lan nggantiake kebiasaan utawa melu-melu budaya jaba negeri.” Festival iki dianaake mentri kebudayaan lan uga dianaake kawit taun 2014.
Description: C:\Users\imel\AppData\Local\Microsoft\Windows\Temporary Internet Files\Content.Word\IMG_20151127_194148.jpg
Gambar 1. Penari Gambang Semarang ing mall Ciputra Semarang

Aku uga wawancarai Lilin:2015:26 kang dadi peserta tari Gambang Semarang taun iki ning mall Ciputra Semarang. Ngomong yen “ latihan Gambang Semarang iku ora angel, angger tlaten latian mesthi bisa. Aku uga lagi pisan ini sinau tari Gambang Semarang, buktine aku  bisa menangake juara 2 harapan. Aku uga merga nekad lan tekad sing kuat.”
Rima:2015:26 mahasiswi seni tari Universitas Negeri Semarang (Unnes) sing lagi pisan nari Gambang Semarang wektu ana acara seminar nasional saka Fakultas Matematika dan Ilmu Pengetahuan Alam (FMIPA Unnes) ing gedhung auditorium Unnes. Miturute “gawe proses latihane gampang. Aku mung latian seminggu saben wayah sore lan iku uga sejam”. Dheknen uga ngomong yen “tari Gambang Semarang apik banget lan kagolong tari kreasi. Paling tari iki tak anggep gampang amarga aku kerep nari klasik sing lembut-lembut, padahal tari Gambang Semarang gerakane ora ruwet tur ngulangi”.
Description: C:\Users\imel\AppData\Local\Microsoft\Windows\Temporary Internet Files\Content.Word\IMG_20151129_102959.jpg
Gambar 2.penari Gambang Semarang ing Auditorium Unnes

F.      NEMUAKE
1.      Tari Gambang Semarang isih diuri-uri marang masyarakat Semarangt.
2.      Pemerintah kutha Semarang gawe kurikulum tari Gambang Semarang di dadiake kompetensi dasarmata pelajaran kelas siji SMA gawe njangkepi biji Ujian Akhir Semester (UAS).
3.      Mentri kabudayan kutha Semarang saben taunne ngadaake festival Gambang Semarang lan masyarakate antusias gawe melu acara iku.
4.      Masyarakat seneng banget nduwe warisan budaya kaya Gambang Semarang.



PANUTUP
1.      DUDUTAN
Tari Gambang Semarang yaiku tari kang kalebu tari kreasi sing ing njerone ana unsur-un sur asimilasi utawa integrasi saka rong budaya, yaiku : budaya Jawa lan budaya Tionghoa. Tari Gamabang Semarang ceitaake kagembiraane papat penari sing nari lgemulai nanging seger. Gerakane uga ora gangel, sapa wae bisa nari kalebu penari wiwitan. Tari iki ora angel dadi ora mbutuhake wektu suwe gawe latihan lan gerakane uga ngulangi.
2.      SARAN
Mentri kabudayan kudu tetep nylenggaraake festival Gambang Semarang ing saben taunne. Pemetintah kutha Semnarang uga kudu wenehi kurikulum kompetensi dasar kaya mengana iku ora ning Sekolah Menengah Atas (SMA). Nanging uga dilakuake kompetensi dasar ing murid Sekolah Dasar (SD) ngelingi tari iku gampang dipelajari.
Dewe dadi masyarakat kutha Semarang sing becik iku kudu bisa nglestariake warisan budayane dewe. Manfaatake kanthi becik kemajuan tekhnologi nganggo cara  ngenalake ning masyarakat njaba babagan warisan budaya sing dewe duweni. Nanging ora sdadi masalah yen dewe sinau kabudayaan liya lan asalake ora ninggalake apa kan kudu dewe budayaane utawa dilestariake,

Sabtu, 19 Desember 2015

Resensi buku Sejarah Wayang Purwa



Desti Ratna Kurniawati

Judul               : Sejarah Wayang Purwa
Pengarang       : Hardjowirogo
Edisi                : 5
Penerbit           : PN Balai Pustaka, 1968
Kota Terbit      :Djakarta
Tebal               : 272

          Wayang iku seni kang adiluhung, ateges seni kang endah lan duweni wejangan urip kanggo manungsa. Wayang mainke karo suara ganelan lan tembang kang dinyanyiake marang sindhen-sindhen.
            Perpustakaan Perguruan Kementrian P.P nganaake buku “Sedjarah Wayang Purwa” kang nggambarake wayang Purwa lan ditambahi katrangan-katrangan  babagan sejarah wayang kanthi singkat.
            Wayang Purwa  yaiku lambang saka keuripan manungsa ing donya.  Kang dadi pokok ceritane yaiku Hyang Manikmaya (Batara Guru) lan Hyang Ismaya (Semar).
Kedadean kuwi didadiake pralambang. Ismaya lambang manungsa kang kasar.  Manikmaya lambang saka kaalusan batin manungsa. Jiwa keras Semar iku gawe jaga Pandhawa kang awujud Pancaindra utawa lima peresan awaking manungsa.
Wong kang ngiling-iling babagan iki, mesthi pada jaga keslametan awake dewe-dewe. Pancaindra  kayata irung (Yudistira), kuping (Werkudara), mata (Arjuna), lambe (Nakula) lan kulit (Sadewa).
Batara Guru kang duwe sipat alus. Dheweke ngawasani kang ora nduwe cacat babar pisan ing awake. Guru pancen nguwasani sak jagad alam nanging amarga kebijaksanaane Semar, dheweke bisa ngatasi kasaktiane Guru.
Ing inti pokok wayang iku saka cuplikan para seniman karya sastra lan dijikuk inti sarine banjur digawe buku. Lakone uga padha namung beda keaneragaman sastra kang diwujudake.

ISI
            Ing sajerone buku iki njlentrehake babagan silsilah wayang purwa lan ciri-cirine. Wayang ing sajerone buku iki yaiku : Batara Guru, Dewi Uma, Begawan Abiyasa, Prabu Abjasa, Patih Among,  Betari Durga, Betara Narada, Betara Indra, Sang Hyang Baju, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Brama, Bambang Bremana, Bambang Bremani, Batara Surya, Batara Asmaya, Sang Hyang Kamadjaja, Dewi Kamaratih, Batara Jamadipatih, Betara Kala, Hyang Batuk, Hyang Tembara, Hyang Balaupata, Antaboga, Nagagini, Dewi Sri, Raden Sadana, Prabu Watugunung, Bambang Srigati, Prabu Srimahapunggung, Prabu Sengkanturunan, Prabu Basukesti, Raden Seta, Wahmuka, Harimuka Resi Manumajasa, Bambang Sakutrem, Bambang Sakri, Raden Palasara, Prabu Sentanu, Raden Dewa Brata, Resi Bisma, Raden Sucitra, Raden Drupada, Raden Gandamana, Raden Ugrasena, Raden Setyaki, Prabu Basudewa, Prabu Baladewa, Prabu Kresna, Raden Samba, Patih Udawa,  Raden Destarastra, Prabu Dewanata, Raden Puntadewa, Prabu Yudistira, Dewi Drupadi, Raden Pancawala, Raden Bratasena, Raden Werkudara, Dewa Ruci, Raden Antasena, Raden Gatotkaca, Raden Arjuna, Raden Nakula, Raden Saweda, Semar, Bagong, Petruk, Gareng, lan sapanunggalane.
            Ing buku kuwi uga njlentrehake babagan gaman utawa senjata, siasat perang, bendi, keris, panah, lan sapanunggalane.
            Kaunggulane buku iku cara ngandharake babagan urut-urutane silsilah keluarga wayang purwa kanthi cetha lan ora mbingungi. Kurangane buku iku nganggo Ejaan jaman biyen, dadi yen sing maca durung kulina maca tulisan kuno bingung kepiye macane, akeh tembung-tembung sing angel dipahami kanggo wong awam, lan daftra isi sing ora urut nomor halamane, nanging mung urut jeneng-jeneng wayng purwa.