ABSTRAK
TARI GAMBANG SEMARANG SING DADI WARISAN BUDAYA
MASYARAKAT SEMARANG LAN WAJIB DI URI-URI
Desti Ratna
Kurniawati
Pendidikan
Bahasa dan Sastra Jawa, Universitas Negeri Semarang
Sekaran,
Gunungpati,
Kota Semarang,
Jawa Tengah, 50229
humas@mail.unnes.ac.id , (024) 8508093
Kata Kunci :
Gambang Semarang
KAWIWITAN
A.
PLATARAN
Gambang
Semarang yaiku salah siji kesenian sing lair lan ngrembaka ing kutha Semarang,
sing nampilake unsur-unsur seni musik, vokal, lan lawak. Nanging didelok pola
garapanne, Gambang Semarang bisa dikategoriake kesenian trasional kreasi.
Amarga bisa ngrembaka ing kalangan rakyat biyasa. Sing uwis nglakoni sejarah
cukup suwe lan tetep ngrembaka ing usnur-unsur seni sing uwis di duweni wiwit
mbiyen. Lumrahe kesenian tradisional dijabarake dadi kesenian sing urip lan
ngrembaka ing daerah tertamtu sing di dukung masyarakate. Gambang Semarang uga
lair amarga inisiatif lan dukungan
masyarakat Semarang sing kepingin nyukupi kebutuhan kesenian.
Kesenian
iki yaiku tarian sing diiringi musik saka belekan-belekankayu lan gamelan jawa
sing bisa disebut gambang. Saliyane tari lan musik sing dienggo yaiku kendhang,
bonang, kempul, gong, suling, kecrek, lan gambang. Budaya Tionghoa katon saka
anggunaake alat musik gesek konghayan utawa tohyan.
Lagu-lagu
sing kerep ditampilake ing pentas Gambang Semarang diciptaake Oei Yok Siang
puluhan taun silam. Lagu sing paling diiling-iling Gambang Semarang yaiku empat penari. Saliyane iku, lagune
isin-isin kucing sing terkenal generasi tuwa ing kutha Semarang lan sakitare.
Lagu-lagu Gambang Semarang rasane bungah
lan dapuk karo tari sing gemulai,
ning seger. Khas tariane ana ing gerak dlamakan sikil sing njungkat njungkit
sepadhan irama lagu sing lincah lan dinamis.
Unike kesenian iki nggambarake ing saben gatra lagu empat penari. Gatra lagu Gambang Semarang, yaiku.
Empat
penari kian kemari
Jalan
berlenggang, aduh . . .
Sungguh
jenaka menurut suara
Irama
gambang
Sambil
bernyanyi jongkok berdiri
Kaki
melintang, aduh . . .
Langkah
gayanya menurut suara
Gambang
Semarang
Bersuka
ria, gelak tertawa
Semua
orang, karena
Hati
teriak grak grik
Si
tukang kendhang
Sambil
bernyanyi jongkok berdiri
Kaki
melintang aduh . . .
Langkah
gayanya menurut suara
Gambang
Semarang
Gambang
Semarang dipentaske ana ing event
utawa acara kayata perayaan taun anyar China ing klentheng-klentheng, acra
ngantenan, khitanan, karnaval : dugderan kanggo nyambut wulan suci ramadhan,
nyambut turis mancanegara, lan sapanunggalane. Yen ditonton tari Gambang
Semarangan iku ora duweni aturan-aturan gerak sing pakem. Nanging, yen di
gatheake nganti teliti tari Gambang Semarangan mau nduweni unsur-unsur polah
tari sing kasebut lambeyan, genjot, ngondhek lan ngeyek. Sauwise ditampilke
selingan lawak karo tema sing ditetepake karo kahanan nyata.
B.
RUMUSAN MASALAH
Kanthi
plataran sing dijabarake mau, ala masalah sing bisa dijabarake marang panulis.
1.
Kepiye
kahanan tari Gambang Semarang ing jaman era
globalisasi?
2.
Masyarakat
Semarang apa isih nguri-uri tari Gambang Semarangan?
3.
Kepiye
carane masyarakat iku mujudake?
4.
Kaya
apa miturute masyarakat Semarang ngenani tari Gambang Semarangan?
C.
LANDASAN
TEORITIS
Budaya
iku tatanan urip sing ngrembaka, lan diduweni bebarengan ing sawijining
kelompok lan diwarisake saka generasi neng generasi. Budaya yaiku pola urip
sakabehane kang duweni sipat komplek,
abstrak lan amba. Akeh aspek budaya
memtoake tingkah laku komunikatif .
Unsur-unsur sosio-budaya ini kasebar lan ngliputi akeh babagan sosial manungsa. Ana alsan
manungsa nglakoni kangelan sawektu komunikasi karo manungsa liyane kang katon
ing panjabaran budaya : “budaya yaiku salah siji perangkat sing angel nilai-nilaine uga dipolarisasikan ing citra sing berhubungan karo pandhelengan
istemewaane dhewe-dhewe.”
Tradisi utawa kabiasaan ing
panjabaran sing paling sederhana yaiku babagan sing uwis dilakuake wiwit suwe
lan dadi bagian saka kahuripan kelompok masyarakat. Babagan sing paling dasar
saka tradhisi yaiku ana pawarta sing diterusake saka generasi ning generasi
becik tertulis utawa lisan. Amarga yen oraana iki, tradhisi bisa punah. Tradhisi ini uga nggambarake polae
manungsa sing nuju ing kelakuan gawe ngulangi babagan kuwi dadi kebiasaan.
Gambang kuiw dhewe yaiku alat musik
tradisional sing saka 18 belekan pring sing dimainke nganggo cara dithuthuk.
Alat musik ini digunaake ing kesenian gambang Kramong Betawi. Kang digawa
kelompok gambang Kramong nganti tekan
Semarang. Banjur Lie Hoo Siyang ngrembakaake kesenian kasebut dadi Gambang
Semarangan. Gambang Semarangan nduweni unsur hawa Cina Tionghoa lan Jawa sing
nggambarake masyarakat Semarang kang dadi proses asimilasi utawa integrasi
kalorone.
D.
METODE OBSERVASI
Gawe
ngentoake informasi sing dibutuhake, penulis nglakuake tekhnik wawancara karo
masyarakat sing ana kaitane. Saliyane iku uga penulis golek referensi studi pustaka saka internet
sing ana hubungane karo Gambang Semarang.
E.
KASIL LAN PANJLENTREHAN
Berliana:2015:26
siswa SMA N 12 Semarang. Miturute dheknen sinau kepisanan Gambang Semarang
sawektu ing sekolahane sawektu kelas sepuluh amarga ana mata pelajaran seni
tari lan materi wajin disinauni, diapalake, lan ditampilake dadi biji Ujian
Akhir Semester(UAS). Ing taun 2015 iki uga dheknen ngapresiasiake maneh nganggo
cara melu festival Gambang Semarang ing mall Ciputra Semarang. Amerga dheknen
lan kelompoke sregep anggone latihan, dheknen bisa ngentoake juara 2 harapan.
Amarga gerakane Gamabng Semarang ora angel, dheknen cukup latihan rong minggu
tok.
Berliana:2015:26
ngomong “yen gawe nari Gambang Semarang gampang-gampang angel, amarga ing
njerone tari kuwi mbutuhake siji tekhnik sing ora ana ing tari-tari liyane.
Yaiku kemistri karo pasangane narine lan gerakan awake kuwi asli Semarangan
dadi ya ora entuk luwih ora entok kurang.” Dheknen seneng bisa ngapresiasi
budayane, sakliyane kuwi dheknen uga seneng bisa menangake acarane. Dheknen uga
ngomong “kesenian iku wajib dilestariake karo ngrembakane jaman. Malah akeh
tekhnologi sing bisa dimanfaatake gawe ngeksplore budayane dewe. Tuladhane
ngrekam video tariane banjur dileboake ing media sosial utawa youtube supaya
wong liya bisa ngerti budayane dhewe. Ora malah nglaliake budayane dhewe, lan
nggantiake kebiasaan utawa melu-melu budaya jaba negeri.” Festival iki dianaake
mentri kebudayaan lan uga dianaake kawit taun 2014.

Gambar
1. Penari Gambang Semarang ing mall Ciputra Semarang
Aku
uga wawancarai Lilin:2015:26 kang dadi peserta tari Gambang Semarang taun iki
ning mall Ciputra Semarang. Ngomong yen “ latihan Gambang Semarang iku ora
angel, angger tlaten latian mesthi bisa. Aku uga lagi pisan ini sinau tari
Gambang Semarang, buktine aku bisa menangake
juara 2 harapan. Aku uga merga nekad lan tekad sing kuat.”
Rima:2015:26
mahasiswi seni tari Universitas Negeri Semarang (Unnes) sing lagi pisan nari
Gambang Semarang wektu ana acara seminar nasional saka Fakultas Matematika dan
Ilmu Pengetahuan Alam (FMIPA Unnes) ing gedhung auditorium Unnes. Miturute “gawe
proses latihane gampang. Aku mung latian seminggu saben wayah sore lan iku uga
sejam”. Dheknen uga ngomong yen “tari Gambang Semarang apik banget lan kagolong
tari kreasi. Paling tari iki tak anggep gampang amarga aku kerep nari klasik sing
lembut-lembut, padahal tari Gambang Semarang gerakane ora ruwet tur ngulangi”.

Gambar
2.penari Gambang Semarang ing Auditorium Unnes
F.
NEMUAKE
1.
Tari
Gambang Semarang isih diuri-uri marang masyarakat Semarangt.
2.
Pemerintah
kutha Semarang gawe kurikulum tari Gambang Semarang di dadiake kompetensi
dasarmata pelajaran kelas siji SMA gawe njangkepi biji Ujian Akhir Semester
(UAS).
3.
Mentri
kabudayan kutha Semarang saben taunne ngadaake festival Gambang Semarang lan
masyarakate antusias gawe melu acara iku.
4.
Masyarakat
seneng banget nduwe warisan budaya kaya Gambang Semarang.
PANUTUP
1.
DUDUTAN
Tari
Gambang Semarang yaiku tari kang kalebu tari kreasi sing ing njerone ana
unsur-un sur asimilasi utawa integrasi saka rong budaya, yaiku : budaya Jawa
lan budaya Tionghoa. Tari Gamabang Semarang ceitaake kagembiraane papat penari
sing nari lgemulai nanging seger. Gerakane uga ora gangel, sapa wae bisa nari
kalebu penari wiwitan. Tari iki ora angel dadi ora mbutuhake wektu suwe gawe
latihan lan gerakane uga ngulangi.
2.
SARAN
Mentri
kabudayan kudu tetep nylenggaraake festival Gambang Semarang ing saben taunne.
Pemetintah kutha Semnarang uga kudu wenehi kurikulum kompetensi dasar kaya
mengana iku ora ning Sekolah Menengah Atas (SMA). Nanging uga dilakuake
kompetensi dasar ing murid Sekolah Dasar (SD) ngelingi tari iku gampang
dipelajari.
Dewe
dadi masyarakat kutha Semarang sing becik iku kudu bisa nglestariake warisan
budayane dewe. Manfaatake kanthi becik kemajuan tekhnologi nganggo cara ngenalake ning masyarakat njaba babagan
warisan budaya sing dewe duweni. Nanging ora sdadi masalah yen dewe sinau
kabudayaan liya lan asalake ora ninggalake apa kan kudu dewe budayaane utawa
dilestariake,
Tidak ada komentar:
Posting Komentar