Senin, 04 Januari 2016

Arane Jeneng Anak Wong



Jeneng Anak Wong

  1. Ontang – anting : anak siji lanang
  2. Unting – unting : anak siji wadon
  3. Uger – uger lawang : anak loro lanang kabeh
  4. Kembang sepasang : anak loro wadong kabeh
  5. Cukit dulit : anak telu lanang kabeh
  6. Gotong mayit : anak telu wadon kabeh
  7. Saramba : anak papat lanang kabeh
  8. Sarimpi : anak papat wadon kabeh
  9. Pandhawa : anak limo lanang kabeh
  10. Pancagati : anak limo wadon kabeh
  11. Kendhana – kendhini : anak loro lanang wadon
  12. Kendhini – kendhana : anak loro wadon lanang
  13. Sendhang kapit pancuran : anak telu, lanang – wadon – lanang
  14. Pancuran kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon
  15. Keblat papat : anak papat lanang wadon
  16. Sepasar : anak lima lanang wadon
  17. Padangan : anak lima wadon siji
  18. Ipil-ipil ( pipilan ) : anak lima lanang siji
  19. Pandhawa nyandhangi : anak enem wadon siji wuragil
  20. Kembar : anak loro lair bareng
  21. Kembar gantung : bocah kembar laire let sedina
  22. Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng
  23. Gilir kacang : anake akeh giliran lanang wadon
  24. Lumpat kidang : anake akeh ora giliran lanang wadoh
  25. Gendhong : anak wadon akeh seng tengah anak lanang
  26. Pathok : anak lanang akeh seng tengah wadon
  27. Grandhel : anak lanang pirang – pirang, seng wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang seng wuragil lanang
  28. Sumarak : anak akeh seng lanang luwih akeh
  29. Anggana : anak akeh seng urip gari siji
  30. Cemani : anak ireng mulus
  31. Wungle, bule : anak putih mulus
  32. Gondhang kasih : anak loro beda pakulitane, ono seng ireng ana seng putih
  33. Pambarep : anak sing nomer siji
  34. Panggulu : anak sing nomer loro
  35. Pandhadha : anak sing nomer telu
  36. Sumendhi : kakang wuragil
  37. Wuragil, waruju : anak seng keri dhewe
  38. Panenggak : anak nomer loro seko lima cacahe anak
  39. Panengah : anak nomer telu seko lima cacahe anak
  40. Lola ( yatim piatu ) : bocah seng ditinggal wong tuwane
  41. Yatim : bocah lair wis ora menangi bapake
  42. Lola bapa ( biyung ) : bocah seng wes ora nduwe bapak utawa ibu
  43. Konduran : bocah lair slamet nanging ibune seda
  44. Sumala : bocah sing cacat wiwit lair
  45. Thok thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik
  46. Julung kembang : bocah sing lahir nalika srengenge mletek
  47. Julung sungsang : bocah sing lahir nalika bedug awan
  48. Julung sarab/surup : bocah sing lahir nalika ngarepake surup
  49. Julung caplok : bocah sing lahir nalika surup
  50. Margana : bocah sing lahir nalika ibune lelungan
  51. Wuyungan : bocah sing lahir nalika perang
  52. Wahana : bocah seng lahir nalika ibune ana pasamuan
  53. Jempina : bocah seng lahir durung wayahe
  54. Tiba sampir : bocah sing lahir kalung usus
  55. Tiba ungker : bocah sing lahir ususe nggubed gulu
  56. Wungkul : bocah sing lahir tanpa ari-ari
Bottom of Form
Bottom of Form

Tidak ada komentar:

Posting Komentar