Senin, 04 Januari 2016

WATAKE PANDHAWA




WATAKE PANDHAWA
WATAK/SIFAT PRABU YUDHISTIRA
Dasa nama   : Darmakusuma, darmawangsa. Ajathasatru, Dwijakangka, Gunatalikrama, Dwijakangka.
Nagari         : Ngamarta
Garwa         : Dewi Drupadi peputra Pancawala.
Sipat/watak : Sabar lan nrima, setya lan tresna dhateng sesamai, jujur, remen paring dana, gandrung dhateng kautamen, lan adil paramarta.
Kadigdayan : Saged pirsa lelembad, Triwikrama.
Aji               : Jimat Jamus Kalimasada.
Gegaman     : Kyai Tunggulnaga (payung), Karawelang (tombak).

WATAK/SIFAT RADEN WERKUDARA
Dasanama    : Bayudutam Balawam Bima, Pandhusiwii, Kusumadilaga, Kusumayuda, Sena Wijasena, Gandawastratmaja, Bratasena.
Kasatriyan   : Tunggul pamenang, Jodhipati.
Garwa          : Dewi Arimbi peputra R. Gathutkaca
                       Dewi Nagagini peputra R. Antasena
Sipat/watak : Lugu, jujur, prasaja, tan mendha saking bebaya, tan wedi guntur teka kang sinedya, kang cinipta dadi.
Aji               : Bandung bandawasa, wungkal bener, blabag pangantol-antol, Jalasegara.
Gegaman    : Kuku Pancanaka, Gada Rujakpolo, panah Bargawastra.

WATAK/SIFAT RADEN ARJUNA
Dasa nama   :Janaka Margana, Kuntadi, kombang Ali-ali, Kalitji, Indratanaya.
Kasatriyan    : Madukara.
Sipat/watak   : Tansah aih,rremen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala, satriya socaning bathara.
Garwa          : Dewi Sembadra, dewi Sri Kandhi, Larasati
Putra            : R. Abimanyu
Aji                : Palimunan, Tunggengmaya, Sepiangin, Mayabumi, Pengasih, Asmaragama.
Gegaman     : Keris kyai Kalanadhah pulanggeni, Paasopati, Ardadedali, Sangkali Cundhamanik bramastra Sarotama Wisesa pamungkas.

WATAK/SIFAT RADEN NAKULA
Nama kecil  : Pinten.
Kasatriyan  : Sawojajar.
Sipat/watak : Tansah jagi karahayoning nagari.
Aji         : Pranajati, cupu isi toya panggesangan saking Bathara Indra.

WATAK/SIFAT RADEN SADEWA
Nama kecil  : Tansen.
Kasatriyan  : Bumiretawu.
Sipat/watak : tansah jagi karahayonanigng nagari.
Aji         : Mantra pangruwatan, aji Purnamajadhi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar