Senin, 04 Januari 2016

Jinis Slametan lan Artine



25 Jinis Slamatan Jawa lan Artine:


1. Bersih Desa.
Selametan ngresiki desa.

2. Berjanji.
Moco puji-pujian ngenani riwayate Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

3. Boyongan.
Ngalih omah.

4. Brokohan.
Slammetn tumrap bayi kang mentas lahir.

5. Kirab.
Metu arak-arakan (wadyabala, manten).

6. Mantu.
Duwe gawe ngomah-omahake anak.

7. Megengan.
Wiwitane sasi poso.

8. Mitoni.
Slametan naliko meteng pitung sasi.

9. Mule.
Slametan ndongakake para kaluwarga sing wis seda.

10. Muludan.
Slametan ing dina wiyose Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

11. Ngirim.
Ngopeni kuburane kaluwarga.

12. Nyandran.
Ndongakake wong sing wis seda ana ing makam.

13. Nyekar.
Ngopeni kuburan lan ndongakake keluwarga sing wis sedo.

14. Nyepalani.
Slametan naliko bayi umur selapan (35 hari).

15. Nyepasari.
Slametan naliko bayi umur sepasar (5 hari).

16. Puputan.
Slametan naliko pusere bayi wis pedot.

17. Sedekah bumi.
Bersih desa.

18. Slawatan.
Dedonga marang Gusti Allah kagem Kanjeng Nabi Muhammad SAW, keluwarga dan sahabatnya.

19. Tahlilan.
Maca puji-pujian marang Gusti Allah, biasane sak wise kesiprahan (kepaten).

20.Tetakan.
Sunatan.

21. Tedhak siti.
Slametan naliko bocah cilik wiwit diudhunake ing lemah.

22. Tingkeban.
Mitoni, slametan naliko meteng 7 bulan.

23. Udhun-udhunan.
Slametan ngarepake Bakde (lebaran).

24. Unggah-unggahan.
Slametan ngarepake poso (sasi poso, Ramadan).

25. Wiwit.
Slametan ngarepake methik pari.

1 komentar:

  1. Learn to Play Baccarat, Roulette, Poker and More by Anne
    Learn to Play 바카라 사이트 Baccarat, Roulette, Poker and More by Anne Arundelstein. 1xbet Learn how to play baccarat, roulette, poker, and 카지노 more, with online classes from our website.

    BalasHapus