Senin, 04 Januari 2016

Tembung Tumrap Gamelan lan Gambar Gamelan

Tembung tumrap gamelan kuwi sawetara tembung sing dianggo ing donya gendhing lan gamelan. Tembung-tembung mau antara liya:
  1. Bawa: tembang kanggo mbukani gendhing.
  2. Buka: wiwitané nembang.
  3. Buka celuk: bukaning gendhing mung njupuk saperangane tembang.
  4. Cakepan: unèn-unèn utawi tetembungan sing dienggo ing tembang.
  5. Cengkok: eluk-eluking swara ing lelagon tembang.
  6. Gendhing: lelagoning gamelan.
  7. Gérongan: tetembangan bareng karo gamelan.
  8. Laras: runtuting swara sing bener.
  9. Mathet: nyekel, mejet nganggo driji, telapakan,sikut pinggir wilahane gamelan sawise ditabuh
  10. Niyaga: tukang nabuh gamelan.
  11. Pathet: endhek dhuwuring swara ing gamelan.
  12. Pelog: larasing gamelan.
  13. Plangkan: jagrag sanggan kendhang.
  14. Pluntur: tali kanggo nyangga rericikaning gamelan.
  15. Rancakan: jagrag sanggan bonang, kethuk, kenong.
  16. Sarancak: saprangkat(tumrap gamelan).
  17. Senggakan:unèn-unèn mawa lagu ing tengahing tembang.
  18. Sindhèn: wong kang gawéané nembang mbarengi gamelan.
  19. Slendra: larasing gamelan.
  20. Suluk pathetan: kidungan pratandha arep ganti pathet.
  21. Suwuk: lèrèn, sirep (tumrap gamelan).
  22. Waranggana: sindhèn, pasindhèn.
  23. Wilet: sambunging swara sing sarwa laras.
  24. Wirama: ukuran kendho kencenging nabuh gamelan.

GAMBAR GAMELAN
1. NIYAGA 

2. WARANGGANA 

3. KETIPUNG

4. KENDHANG GENDHING


5. KENDHANG CIBLON

6. SARON BARUNG

7. DEMUNG

8. GAMBANG 

9. GENDER BARUNG

10. GENDER PENERUS

11. SLENTHEM

12. CELEMPUNG

13. SULING

14. REBAB

15. BONANG

16. KEMPYANG

17. ENGKUK

18. KEMONG KEMPUL

19. GONG lan SUWUKAN


Tidak ada komentar:

Posting Komentar