Sabtu, 02 Januari 2016

Tembang



KASUSASTRAAN 6
TEMBANG
A.    Tembang Jawa ana telung jinis :
1.      Tembang Macapat ana 11 pupuh :
a.       Asmaradhana (8i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a)
b.      Dhandhng Gula (10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a)
c.       Durma (12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a,7i)
d.      Gambuh (7u, 10u, 12i, 8u, 8o)
e.       Kinanthi (8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i)
f.       Maskumambang (12i, 6a, 8i, 8a)
g.      Megatruh (12u, 8i, 8u, 8i, 8o)
h.      Mijil (10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u)
i.        Pangkur (8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i)
j.        Pucung (12u, 6a, 8i, 12a)
k.      Sinom (8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a)

2.      Tembung Tengahan
a.       Balabak (12i, 3é, 12a, 3é, 12a, 3é.)
b.      Girisa (8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a, 8a)
c.       Jurudemung (8a, 8u, 8u, 8a, 8u, 8a, 8u)
d.      Wirangrong (8i, 8o, 10u, 6i, 7a, 8a)
3.      Tembang Gedhe itramengeng
a.       Kusumaastuti
b.      Mintajiwa
c.       Pamularsih

B.     Sipate tembang macapat
NO
ARANE TEMBANG
SASMITANE
WATAKE
1
Pocung
Pucung, kaluwak, wanda ‘cung’.
Watake sakpenake lan kurang greget, lumrahe kanggo nelakake geguyonan lan pitutur.
2
Maskumambang
Maskumambang,kampul, mas kentir, kambang, kentir
Watake susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocok kanggo
nelakake rasa kasedhihan kang ngenesake
3
Megatruh
Dudukwuluh, truh, megatruh, pegat, duduk, wuluh, luh
Watake sedhih lan kentekan pangarep-arep, mula lumrah kanggo nelakake crita kang nggrantesake ati.
4
Gambuh
Gambuh, buh, jumbuh, tambuh
Watake
grapyak, sumanak, mula cocok kanggo nyritakake pitutur
5
Mijil
Mijil, pamjil, wijil, wiyos, raras, medal, sulastri
Watake tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur, nasehat, lan uga cerita katresnan utawa asmara
6
Kinanthi
Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil
Watake seneng, tresna asih, mitutura, nuladani, mula lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang nelakake rasa tresna asih
7
Asmaradhana
Asmaradhana
Asmaradana,
asmara, brangta, kingkin, yungyun. Watake tresna asih lan sdhih, mula
pantes kanggo nelakake katresnan
8
Durma
durma, dur, undur, sirna, galak
Watake,galak , sereng, lan nemu kanepson
9
Pangkur
Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, yudakenaka, ungkur
Watake sereng, antepan ati, lan gagah, mula lumrah kanhho nyritakake wong kang nesu lan kahanan paperangan
10
Sinom
Sinom,taruna, anom, weni, nom,srinata, pamase, logondhan, rema, pangrawit, mudha
watake sabar, grapyak, lan sumanak, mula lumrahe kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan pitutur
11
Dhandhanggula
Sarkara, hartati, dhandhang, madu, manis, sari, bremana, guladrawa, gagak, kaga, tresna
Watake luwes, kewes,,lan ndudut ati, mula pantes kanggo nelakake crita apa bae, ing ngendi bae, lan kahanan

C.     Tuladhane Tembang Macapat
1.      Asmaradhana
Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima
2.      Dhandanggula
Eling-eling pra kadang den eling
Uripa ing ndonya tan lama
Bebasan mung mampir ngombe
Cinecep nulya wangsul
Mring asale sangkane nguni
Begja kang wus pana]sangkan paranipun
Dedalankang den ambah
Mring rahayu lumampah
3.      Durma
Damarwulan aja ngucireng ngayuda
Baliya sun anteni
Mangsa sun mundura
Lah Bisma den prayitna
Katiban pusaka mami
Mara tibakna
Curiganira nuli
4.      Gambuh
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluarsa katutuh)
Kapatuh pandadi awon
5.      Kinanthi
Anoman malumpat sampun,
Praptêng witing nagasari,
Mulat mangandhap katingal,
Wanodyâyu kuru aking,
Gelung rusak awor kisma,
Ingkang iga-iga kêksi.
6.      Maskumambang
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis
Sambaté mlas arsa
Luhnya marawayan mili
Gung tinamêng astanira
7.      Megatruh
Sigra milir kang gethek sinangga bajul
Kawan dasa kang njagèni
Ing ngarsa miwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kéring
Kang gèthèk lampahnya alon

8.      Mijil

Jalak uren mawurahan sami
Samadya andon woh
Amuwuhi malad wiyadine
Ana manuk mamatuk sasari
Angsoka sulastri
Ruru karya gandrung
9.      Pangkur
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Mangka nadyan tuwa pikun,
Yen tan mekani rasa,
Yekti sepi sepa lir asepa samun,
Samangsane pakumpulan,
Gonyak ganyuk nglelingsemi.
10.  Pucung
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara
11.  Sinom
Pangeran kang sipat murah
Njurungi kajating dasih
Ingkang temen tinemenan
Pan iku ujaring dalil
Nyatane ana ugi
Iya kiyageng ing Tarub
Wiwitane nenedha
Tan pedhot tumekeng siwi
Wayah buyut canggah warenge kang tempa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar