Jumat, 01 Januari 2016

GEGURITAN

GEGURITAN
Dening : Pipin Kurniani

PAHLAWANKU

Ikhlas lakumu

Becik tindhakanmu

Ngabdi marang Negara

Nganthi getih padha kutah

Pahlawanku

Mugi Gusti paring nugraha

Amarga tindhak lakumu

Semana gedhene bektimu

Jiwa raga, bandha nyawamu

Ora bakal bisa tak lalekna

Amarga ikhlasing atimu

Negara iki merdeka


DONGAKU

Saben wayah bengi

Sujud marang sang gusti

Ngeling-eling apa kang wis tak lakoni

Sedina sewengi iki

Nyuwun pangapurane

Nyuwun lindungane

Lan pangarsane sang gusti

Kang maha agung


PANGAREP-AREP

Sang surya wiwit seminar

Manuk colat-colot ana ing wit

Tak tunggu tekamu ing ngarep omah

Tekan endi lakumu saiki

Arep cepet utawa suwi

Tetep tak tunggu tekamu

Nggawa apa kang wis dadi pangarepku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar