CERKAK 2
Rekasane Urip
Dening
: Pipin Kurniani (2601414095)
“Sampeyan sampun
dangu sadeyan sayur bu?”
“Sampun dangu,
mbak. Kira-kira ya sampun 10 tahun luwih”
“Nanging nggih
lumayan, bu. Saged ngrewangi bapak”
“Ya lumayan,
bisa kanggo ngragati sekolahe anak. Anakke kula kathah, mbak. Wonten sekawan
estri sedaya”
“Lha sampun
mentas pinten, bu?”
“Sing kalih
sampun mentas, kirang kalih niki. Kuliyah lelorone, ya rada kempis-kempis
nanging pripun malih. Sekolahe anak menika sing penting, sanajan wong tuwane
kaya ngene ya anakke yen bisa luwih kepenak saka wong tuwane, rak mekaten tha,
mbak?”
“Nggih mekaten,
bu. Kula nggih taksih nyekolahe anak nanging nembe SD. Sampeyan niku boten
lumayan malih, sampun hebat niku, bu. Saged nyekolahake anak ngantos Perguruan
Tinggi saking sadeyan sayur menika nggih sampun hebat”
“Alhamdulillah,
Gusti menika rak menehi rejeki umatte piyambak-piyambak tha, mbak. Nggih menika
mbok menawi rejekine anakke kula”
“Napa sadeyan
menika nggih ngagem penglaris, bu? Kok saged kathah artane”
“Jaman mekaten
kok ngangge penglaris tha, mbak. Boten syukur marang Gusti. Kula mekaten saged
nyekolahke anak nggih sambi kadang kala utang kangge bayar sekolah”
Eh, jebul sing
dodol sayuran wonge grapyak. Crita akeh banget bab lelakone dodolan sayur awit
jaman biyen. Jare biyen urip susah nalika nyekolahe anak sing mbarep lan keloro
nalika SMP SMA. Mangan sega gereh ya dilakoni amarga ngalah kanggo mbayari
anake sekolah ana ing pondok.
Nalika anakke
sing mbarep lan keloro disekolahe ana pondok pesantren Jombang, bojone di PHK
saka pabrikke. Jaman semana, nyekolahke ana pondok pesantren Jombang sing
sekolahe elit mbayare larang ora gampang. Kerja montang-manting, ndelalah kok
ya bojone di PHK. Saben wong tetanggane padha ngeloke apa sanggup nyekolahe
anak ana ing kono. Nanging ora preduli omongane wong liya lan percaya marang
Gusti, niatan nyekolahe anak dilakokake dening ikhlas.
Akhire anakke
mau lelorone bisa lulus saka pondok pesantren, banjur nerusake kuliah ana ing
Semarang. Nganthi saiki, anakke mau bisa lulus lan kerja ana ing kantoran. Gari
anak loro sing durung mentas, isih kuliah ana salah siji perguruan tinggi ing
Semarang.
“Lha terus kados
pundi, bu? Saniki anakke sampeyan sing kalih nggih taksih sekolah?”
“Ya taksih mbak,
alhamdulillah sing loro wis mentas, tinggal anak loro”
“Lumayan, bu.
Sing kalih nggih saged ngrewangi ibune”
“Inggih kudune
ya mekaten tha, mbak”
Critane banjur
diterusake. Jarene urip rekasa orapapa, nanging aja nganthi anak-anakke padha
urip rekasa. Omongan sing metu saka tangga-tanggane ora tau digubris. Sanajan
urip seprona-seprene ora bisa nduwe apa-apa, gelang emas siji wae ya ora nduwe,
luweh.
Nanging saiki
uripe rada kepenak. Bisa ngrasake jerih payahe nyekolahe anakke. Sing dodol mau
ya ngomong yen urip aja digawe sepaneng utawa susah. Saben wis bisa bayar
sekolahe anakke wis ayem, apa maneh yen bisa luwih. Yen saiki uripe rekasa,
mbesok bisa ngunduh apa sing wis ditandur. Menawa dheweke wis tuwa, anak-anakke
bisa sukses. Saka kono dheweke ndonga supaya mbesuk gentenan diopeni marang
anakke.
Sawise krungu
crita saka sing dodol sayuran mau, aku bisa njupuk pelajaran kepriye rekasane
urip. Sing penting saka urip iki ora mung bandha, nanging pendidikane anak.
Blanjaku wis
rampung, kabeh sing tak tuku wis diitung lan tak bayar. Omonganku lan sing
dodol ya wis bar. Banjur aku bali mulih.
-cuthel-
Gelane
Ati
Dening
: Pipin Kurniani (2601414095)
Ing
sawijining dina, ana bocah wadon urip ning desa. Dheweke pengin lunga menyang
kutha supaya bisa ngoperasi wajahe. Banjur bocah mau ngomong marang wong tuwane
yen arep kerja ning kutha, nanging ora
oleh marang wong tuane. Krungu yen ora oleh, dheweke nangis. Ora let suwe ibune
teka banjur ngomong,
“Yawis
yen kowe arep lunga menyang kutha orapapa”.
Krungu ibune ngolehi dheweke menyang kutha,
bocah mau ngguyu. Esuke dheweke siap-siap kanggo lunga menyang kutha. Ana
perjalanan sing suwi, bocah mau kesel banjur leren ana ning sawijining omah.
Dheweke mbayangake menawa bisa operasi plastik lan nduwe omah sing gedhi tur
apik.
“Yen
aku nduwe omah gehhi tur apik lan aku bisa ngoperasi wajahku sing biasa wae
dadi luwih ayu..”
Isih
enak mbayangake, ana mbah-mbah sing teka banjur takon,
“Kowe
ana apa, nak? Kok ngguya-ngguyu dhewe”.
“Kula
taksih mbayangake yen kula saged sukses wonten kutha mriki lajeng saged
ngoperasikake wajah kula “.
Banjur
mbah-mbah mau njipuk jam saka kantong klambine.
“Puter
wae jam iki kaya apa sing mbok karepake yen kowe arep ngraih cita-citamu”.
“Inggih
mbah”.
Ora let suwe, bocah wadon mau banjur muter jam padha
apa sing diomongake mbah-mbah mau. Ajaib, dheweke bisa kerja ning perusahaan
sing apik. Ana ning kutha bocah mau urip kepenak. Kerja bayarane akeh, bisa
tuku omah sing dikarepake. Uwis urip kepenak, apa-apa bisa dituku, nanging
dheweke isih ora puas amarga durung bisa operasi plastik. Bocah wadon mau
nggolek akal kepriye carane bisa operasi plastik, banjur dheweke njipuk lan muter
jam maneh. Ajaib, wajahe sing biasa wae bisa berubah dadi ayu.
Urip ning kutha, kerja ana perusahaan sing apik,
nduwe rupa ayu, kabeh mau durung gawe bocah wadon mau ayem uripe. Apa maneh
dheweke wis ora pernah kepikirang marang wong tuwane. Pisan-pisan bali menyang
omah ora tau dilakoni.
Ana sawijining dina, bocah wadon mau ngaca banjur
mbatin yen dheweke isih arep nduwe rupa sing luwih ayu maneh. Dheweke kelingan
marang jam sing diwenehi karo mbah-mbah tuwa kae. Jam mau dijipuk maneh, banjur
diputer. Sing dikarepake wajahe berubah dadi luwih ayu, nanging apa sing
dikarepake mau ora kawujud. Nalika dheweke ngaca wajahe berubah dadi elek,
kriput kaya wong tuwa. Kaget lan njerit, bingung wajahe berubah ora dadi ayu
nanging malah kriput bocah mau nangis.
Nggolek akal supaya bisa ngrubah wajahe maneh, bocah
wadon mau banjur cepet-cepet metu saka omah. Sing dituju yaiku panggonan
dheweke ketemu marang mbah-mbah sing ngewenehi jam marang dheweke. Tekan
panggonane, digoleki mbah-mbah tuwa kae, nanging ora ana. Jebulane, mbah-mbah
kuwi wis seda suwe.
Kebingunangan, bocah wadon mau nangisi awake dhewe.
Atine gela amarga apa sing dilakokake dadi ngrusak awake dhewe. Saka kadadeyan
kuwi, saiki bocah wadon mau ngerti yen kekarepane kabeh mau ora apik. Atine ora
nduwe rasa puas saka kabeh sing wis diduweni. Banjur bocah mau bali menyang
kampunge, ketemu marang wong tuwane lan njaluk ngapura.
-cuthel-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar