Jumat, 01 Januari 2016

PARIBASAN - BEBASAN - SANEPAN - SALOKA



KASUSASTRAAN 5
PARIBASAN – BEBASAN – SANEPAN – SALOKA
-          Paribasan iku unen-unen utawa ukara sing tegese wantah dudu pepindhahan.
-          Bebasan iku tetembungan sing ngemu tegese pepindhahan.
-          Sanepa iku unen-unen sing ngemu tegese kosok balen.

1.      Adigang , adigung, adiguna  => Ngendhelae kekuatane, kaluhurae, lan kepinterane.
2.      Ana gula, ana semut => panggonan sing akeh rejekine, mesthi akeh wong ing nekani.
3.      Anak polah bapak kepradhah => polahe anak wong tuwa sing tnggung jawab.
4.      Asu rebutan balung => rebutan barang sing sepele.
5.      Asu marani gepuk => wong sing marani bebaya.
6.      Bathok bolu isi madu => wong asor nanging sugih kepinteran.
7.      Becik ketitik ala ketara => becil lan ala bakal ketok ing mburine.
8.      Busuk ketekuk, pinter keblinger => bodo lan pinter padha nemoni cilaka.
9.      Cebol nggayuh lintang => kekarepan sing mokal bakal kelakon.
10.  Cecak ngguntal cagak => gegayuhan kang ora imbang karo kekuatane.
11.  Ciri wanci lelai ginawa mati => pakulinan ala sing ora bisa diowahi yen durung nganti mati.
12.  Dhemit ora ndulit, setan ora doyan => tansah diparingi slamet ara ana kang ngrusuhi.
13.  Diwenehi ati ngrogoh rempela => wis diwenehi sethihik, malah njaluk luwih.
14.  Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan => sanadyan wong liya nek nemoni rekasa bakal dibelani.
15.  Durung ilang pupak lempuyunge => wong kang dianggep bocah cilik sing durung ngerti apa=apa.
16.  Durung pecus keselak becus => durung sembada nanging kepingin sing ora-ora.
17.  Eman-eman ora keduman => karepe eman malah awake dewe ora keduman.
18.  Emban cinde emban siladen => pilih kasih utawa ora adi;l.
19.  Emprit abuntut bedhg => perkara cilik sing digedhe-gedheake.
20.  Enthek ngamek ora ndemek => olehe nguneni utawa nyeneni sakatoge.
21.  Esuk dhele sore tempe => wong kang ora tetep atine utawa wong singomongane mencla-mencle.
22.  Ggak ngganggo lare merak => wong asor sing tumindhak kaya wong gedhe.
23.  Gajah ngidak rapah => nrajang wewalere dhewe.
24.  Gedhang apupus cindhe => wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
25.  Geguyon dadi tangisan => gegojegan, wasana gawe susah
26.  Gemblung jinurung, edan kawarisa => tumindak nekad, nanging malah nemu kabegja.
27.  Gendhon rukon => tumindak bebarengan amrih padha kepenake.
28.  Geni guntur nila bena => dhawuhing nagara kudu linakonan.
29.  Giri lusi janma tan kena ingina => wong katone bodho jebul sugih kawruh.
30.  Golek-golek ketanggor wong luru-luru => arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala.
31.  Gondhelan poncoting tapih => nggantungake urpe marang bojo.
32.  Gotong mayit => lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani.
33.  Greget-greget suruh => nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng.
34.     Gumendheng ora nggoreng => kelangan barang tanpa ana sing weruh.
35.     Gong lumaku tinabuh => wong geleme omong mung yen ditakoni.
36.     Idu geni => sakuni-unine kelakon
37.     Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
38.     Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
39.     Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
40.     Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
41.     Njabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
42.     Njaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
43.     Njaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
44.     Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
45.     Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
46.     Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
47.     Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
48.     Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
49.     Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
50.     Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
51.     Njalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
52.     Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
53.     Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
54.     Njujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
55.     Njunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
56.     Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
57.     Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
58.     Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
59.     Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
60.     Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
61.     Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
62.     Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
63.     Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
64.     Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
65.     Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
66.     Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
67.     Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
68.     Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
69.     Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
70.     Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
71.     Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
72.     Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
73.     Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
74.     Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
75.     Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
76.     Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
77.     Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
78.     Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
79.     Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
80.     Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
81.     Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
82.     Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
83.     Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
84.     Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
85.     Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
86.     Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
87.     Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
88.     Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
89.     Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
90.     Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
91.     Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
92.     Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
93.     Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
94.     Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
95.     Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
96.     Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
97.     Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
98.     Kethek saranggon = grombolane wong ala
99.     Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
100. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
101. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
102. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
103. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
104. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
105. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
106. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
107. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
108. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
109. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
110. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
111. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
112. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
113. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
114. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
115. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
116. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
117. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
118. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
119. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
120. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
121. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
122. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
123. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
124. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
125. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
126. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
127. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
128. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
129. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
130. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
131. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
132. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
133. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
134. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
135. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
136. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
137. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
138. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
139. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
140. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
141. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
142. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
143. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
144. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
145. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
146. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
147. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
148. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
149. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
150. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
151. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
152. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
153. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
154. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
155. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
156. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
157. Meneng kitiran = ora bisa anteng
158. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
159. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
160. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
161. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
162. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
163. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
164. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
165. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
166. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
167. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
168. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
169. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
170. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
171. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
172. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
173. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
174. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
175. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
176. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
177. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
178. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
179. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
180. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
181. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
182. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
183. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
184. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
185. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
186. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
187. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
188. Nyolong pethek = luput saka pangira
189. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
190. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
191. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
192. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
193. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
194. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
195. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
196. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
197. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
198. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
199. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
200. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
201. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
202. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
203. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
204. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
205. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
206. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
207. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
208. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
209. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
210. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
211. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
212. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
213. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
214. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
215. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
216. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere ing-nilingake
217. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
218. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
219. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
220. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
221. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
222. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe bangawasa
223. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
224. Obor blarak = mung sawetara wae
225. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
226. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
227. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
228. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
229. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
230. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
231. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
232. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
233. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
234. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
235. Ora polo ora uteg = bodho banget
236. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
237. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
238. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
239. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
240. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
241. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
242. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
243. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
244. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
245. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
246. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
247. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
248. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
249. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
250. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
251. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
252. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
253. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
254. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
255. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
256. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
257. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
258. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
259. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
260. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
261. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
262. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
263. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
264. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
265. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
266. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
267. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
268. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
269. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
270. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
271. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
272. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
273. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
274. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
275. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
276. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
277. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
278. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
279. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
280. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
281. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
282. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
283. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
284. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
285. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
286. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
287. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
288. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
289. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
290. Timun jinara = prakara gampang banget
291. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
292. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
293. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
294. Tunggal banyu – tunggal guru
295. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
296. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
297. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
298. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
299. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
300. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
301. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
302. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
303. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
304. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
305. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
306. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
307. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
308. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
309. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
310. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
311. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
312. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
313. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
314. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
315. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
316. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
317. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
318. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
319. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
320. Waras-wiris = sehat
321. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
322. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
323. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
324. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
325. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
326. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim


Tidak ada komentar:

Posting Komentar