Jumat, 01 Januari 2016

PARIKAN

KASUSASTRAAN 1
1.      PARIKAN
Ana loro jinis parikan, yaiku :
A.    Parikan sing dumadi saka rong gatra (parikan tuggal)
1.      Wedang bubuk gula Jawa => Yen kepethuk gawe ati gela.
2.      Sepet-sepet sawone mentah => Diempet-empet ora betah.
3.      Wajik klethik gula jawa => Luwih becik sing prasaja.
4.      Godhong kecipir mrambat kawat => Nadyan ora mampir nanging lewat.
5.      Kembang jagung dipethik Cina => Barang wis kadung dikapakna.
6.      Manuk emprit menclok godhong tebu => Dadi murid sing sregep sinau.
7.      Manuk kuthut manggunge ngganter => Yen ra manurut bia keblnger.
8.      Bayem rine ketan pulukane => Ayem atine keturutan kekarepane.
9.      Kripik gedhang godhonge tela => Sethithik edhang penthing krasa.
10.  Tuku duku numpak dhokar => Dadi guru kudu sabar

B.     Parikan sing dumadi saka patang gatra (parikan rangkep)
1.      Esuk nyuling sore nyuling, sulinge arek Surabaya. => esuk iling sore eling, sing dieling ora rumangsa.
2.      Yen kembang kembange kacang, dudu kembange puspa nyindra => sih cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekasa.
3.      Awanawan aja kluyuran, ana pak mantri numpak sekuter. => kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinaune pinter.
4.      Esuk nembang sore nembang, tembange asmaradhana. => Esuk ngadhang sore ngadhang, sing diadhang ra tek-teka.
5.      Omah gentheng saponono, cagak pilar kapuren putih. => Abot entheng lakonono, ati susah bakal pulih.
6.      Kulon kali wetan kali, arep liwat ora ana wote. => wetan gati kulon gati, arep ditinggal padha abote.
7.      Sawonggaling wayange kuno, seng digawe kayune jhati. => yen eling sambangino, ojo gawe larane ati,
8.      \neng Jombang kamunge sengon, lemah geneng akeh wedhine. => nadyan ora sambung nek kirim ingon, nek ora seneng pa mesthine.
9.      Apa gunane meja lan kursi, kuwi pinengko palungguhan. => apa unane organisasi, kuwi pinongko persatuane.
10.  Nyapu yo yapu, sapu sada semendhe cagak. => mlaku yo mlaku, nek ketemu kanca ayo diajak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar