Selasa, 05 Januari 2016

Jenis-jenis TAPA BRATA



Jenis-jenis TAPA BRATA

1.puasa => ora mangan lan ngombe nganti wates wektu sing ditemtuake lan ora entuk nglakoni babagan sing ala.

2.ngrowot => mung entok mangan sinh jenise tela lan sayuran.
3.mutih => prihatin mungmnagan sega putih lan banyu putih tanpa gula utawa uyah.
4.ngebleng => ora mangan lan ngombe ing njero kamar.
5.patigeni => ora mangan lan ngombe.
6.ngalong => mung entok mangan jenis woh-wohan lan nggantung kuwalik sing sikile digantung ing wit.
7.ngidang => mung entok mangan gegodhongan sing tangane ditaleni lan mangan nganggo cangkem.
8.ngepel => prihatin sing cara mangane nganggo dikepel.
9.mendem => tapa ing njero lemah tanpa mangan utawa ngombe.
10.ngasrep => mangan lan ngombe sing atis sing tanpa bumbu utawa rempah-rempah.
11.nguda uda => ngelongi mangan lan ngombe lan jaga ati ing dalan tobat.
12 Tapa nguwat => semedi ana ing pinggir sareane sesepuh utawa sarean sing dikeramatake.
13.Tapa bisu => poso ngomong sing diwiwiti karo ucap janji

14.Tapa bolot => tapa sing ora ngresiki awake nganti wates wektu sing ditemtuake.
15.Tapa ngramban => nyepi ing njero alas lan mung mangan gegodhongan
16.Tapa ngambang => kungkum ing tengah kali ing wektu sing ditemtuake.

17.Tapa ngeli => semedi ngeliake awake ing nduwur banyu kali.

18.Tapa tilem => turu ing jangka wektu sing ditemtuake tanpa mangan apa-apa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar