Watake Bocah Utawa Wong
1. Adigang :
ngandel-endelake kakuwatane
2. Adigung : ngendel-endelake kaluhurane
3. Adiguna :
ngendel-endelake kapinterane
4. Ambekdarma : seneng tetulung/welasan
5. Ambek pati : ora wedi pati
6. Ambeksiya : seneng nganiaya
7. Ambekwani : kendel banget
8. Alim : pinter tur anteng
9. Amem : meneng ora akeh gunem
10. Andhap asor : ora gumedhe, ora umuk
11. Bandel : ora cingeng, ora gembeng
12. Bares : ora tau duwe niyat ala utawa goroh
13. Berbudi : seneng weweh, loma
14. Brangasan : gampang nepsu
15. Candhala : ala kelakuane
16. Cethil : emoh weweh
17. Climut : dhemen nyenyolong
18. Cluthak : seng mangan apa-apa
19. Cubluk : bodho
20. Cugetan : mutungan, ora sabar
21. Culika : dhemen ngapusi
22. Dahwen : seneng nacad
23. Daksiya : seneng mara tangan
24. Delap : seneng nganiaya
25. Drengki : meri marang kabegjane liyan
26. Ndhendheng : ora gampang dituturi
27. Gathekan : gampang ngerti, lantip
28. Geleman : manutan, gampang gelem
29. Gembeng : gampang nangis
30. Gemi :
pinter ngirit nganggone
31. Getapan : gampang kaget
32. Jail :
seneng gawe piala
33. Jirih : ora kendel, weden
34. Julig : pinter nindakake bab ala
35. Kendel : duwe kewanen
36. Kesed : ora doyan gawe
37. Kethul : ora gampang ngerti
38. Loma :
seneng weweh
39. Lonjo : guneme sawiyah-wiyah
40. Lugu :
kaya apa anane
41. Melikan : gampang tuwuh rasa kepengin nduweni
42. Mentalan : ora duwe rasa
melas
43. Meren : gampang meri
44. Murka : kumudu-kudu tampa akeh dhewe
45. Ngebreh : mbuwang dhuwit,
boros
46. Panasten : seneng manasi
liyan marga meri
47. Parawadulan : seneng wadul
48. Prasaja : bares
49. Sabar : ora gampag nesu, sareh anggone tandang
50. Saen :
ora isinan
51. Satiti : sarwa ngati-ati
52. Srakah : kumudu-kudu oleh akeh
53. Srei :
kumudu-kudu njaluk menang
54. Sumanak : rumaket ing
pamitran
55. Sumelangan : gampang sumelang
56. Sumungah : seneng umuk
57. Taberi : sregep sarta tlaten
58. Takad : kuwat nahan lara
59. Tambeng : manut karepe dhewe
60. Tegelan : ora duwe rasa rikuh
61. Temen : ora dhemen goroh
62. Tumbak cucukan : seneng wadul
63. Ugungan : dituruti
sapanjalukane
64. Umpakan : seneng dialem
65. Wangkot : ora nurutan
66. Wasis : pinter
67. Wekel : sregep sarta tumemen
Tidak ada komentar:
Posting Komentar