Senin, 04 Januari 2016

RURA BASA




RURA BASA 
Rura Basa yaiku ukara sing dianggep bener nanging asline salah kaprah
Adang esuk = adang sega wayah esuk
Adang sega = adang beras supayane dadi sega
Bakul jangan = wong dodol keperluan masak
Jaga gerdhu = jaga keamanan manggon ing gardu
Kelan Lodheh = nggodog janganan supaya dadi sayur lodeh
Mangan awan = mangan wayah awan
Mbathik Iket = mbathik mori supayane dadi iket
Mbatik sewek = mbatik mori supaya dadi sewek
Mbunteli tempe = mbunteli dhele sing wis di ragi supaya dadi tempe
Menek klapa = menek wit klapa
Ndheplok gethuk = ndheplok tela godhok didadekake gethuk
Ndondomi klambi = dondom kain gawe klambi
Ndhundhuk sumur = ndhundhuki lemah digawe sumur
Mikul dhawt = mikul klenthing isi dhawet
Negor gedhang = negor wit gedhang
Negor klapa = negor wis klapa
Nenun sarung = nenun benang digawe sarung
Netel jadah = netel ketan supaya dadi jadah
Ngekum landha = ngekum arenge merang supaya dadi landha
Ngenam kepang = ngenam iratan pring digawe kepang
Ngenam sesek = ngenam silatan pring supaya dadi sesek
Nggodog wedang = nggodog banyu arep gawe wedang
Nglinthing rokok= nglinthing mbako klobot digawe rokok
Ngulek sambel = ngulek lombok uyah digawe sambel
Nulis layang = nulis dluwang kanggo kirim layang
Nunggu manuk = nunggu sawah supaya parine ora di thotholi manuk
Nunggu geni = nunggu kayu supaya genine ora mati
Tangi turu = melek bar turu
Bottom of Form

Tidak ada komentar:

Posting Komentar