Selasa, 05 Januari 2016

Tuladhane Gurit


GURIT
PANGGIH PANGANTEN

Tumuthing gendhing kinanthi
Lampahipun sri panganten putri
Tumuju ing dapur keprabon
Anjangkah sapecak mungu, sapecak kendel
Ugi tumuju ing sri panganten putra kalian bapak ibu
Kalampahn adicara kang sinebut panggih panganten
Balang suruh, pidhak tigan
Sindur, timbang, tanem jero, lan kucar kucur
Kanthi sumungkem pratandha dingabekthi
Sedaya suka bagya
Cinaketing ing memitra



AKU
Wengi iki,
Wengi kang angegirisi
Kahanan katon sepi
Aku ngadheg jejeg
Pratandha aku lagi ngenteni
Ora polah, tetep ajeg

Wengi iki,
Aku dandan kanthi ayu
Kanggo sapa wae sing butuh aku
Aku wis wuta
Aku mung butuh artha
Aku rak ngerti apa kuwi dosa
Sing tak pikir, kepriye anggone supaya gembira



CIDRO
Yen pancen iki wis dadi cilaka
Jalara aku wis cuwa
Ati iki cidra
Duka, lara keranta-ranta
Rasa ati iku,
Angluwihi panasing dahana

Loh tumetes ing pipi
Ora bubar-bubar anggone aku nangisi
Tresnaku sing suci iki
Ko wales nganggo tai
Setya satuhu sing ora diregani
 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar