Sabtu, 19 Desember 2015

LANGENDRIYA RAJA WANDHAN KE MAJAPAHIT



Nama               : Desti Ratna Kurniawati
NIM                : 2601414112
Rombel            : 04
‘’LANGENDRIYA RAJA WANDHAN KE MAJAPAHIT”
Oleh : Suyadi Pratomo
Damar Wulan uwis kasil mateni Besma, banjur dheweke didadiake raja Majapahit lan nduweni gelar Raja Brawijaya. Damar Wulan banjur ngangkat Sri Nata Dewi dadi permaisurine.
Patih Lugender Patih kang awale dadi patihe Sri Nata Dewi meneng-meneng minggat ninggalake kerajaan karo anake Layang Kumintir lan Layang Seta. Dheweke digoleki ora ketemu-ketemu. Ing kahanan sing mengkono kuwi, kerajaan uga dikabarake bakal entok serangan marang Raja Wandhan Gupita. Menak Koncar kang dipilih gawe mimpin nglawan musuhe.
Damar Wulan utawa Raja Brawijaya ngangkat anake almarhum Rangga Tuban, yaiku Raden Buntaran lan Raden Watangan. Raden Buntaran didadiake Adipati  ning Tuban, nggantiake Rangga Tuban lan diwenehi gelar Raden Jayeng Sekar. Raden Watangan  didadiake Adipati Daha nggantiake Sindura lan diwenehi Raden Jayeng Sari.
Raden Kuda Tilarsa njaluk petunjuk marang eyang kakunge Patih Udara kanggo goleki bapake sing lagi murcita. Nanging eyang kakunge nyaranake goleki kangmase Damar Wulan wae sing durung reti kahanane saiki.
Eyang kakunge banjur menehi petunjuk yen dheweke ketemu karo musuh sing bisa ngilang sawektu perang lan ngaku yen anake Patih Udara. Mula kuwi seng digoleki yaiku, Damar Wulan. Raden Kuda Tilarsa banjur mangkat goleki kangmase.
Dewi Mayangsari adike Prabu Urubesma lan Merak Suwondo ngenteni kasile perang antarane Majapahit lan Prabu Besma. Ing perang kono dikabarake Adipati Tuban lan Adipati Daha gugur, mula Prabu Urubesma meksa Raja Majapahit nyerah. Nanging ngerti-ngerti Dayun ngabarake yen Prabu Urubesma dipateni Damar Wulan lan ndase dipenggal dipersembahake marang Raja Majapahit.
Kahanan mengkono kuwi gawe Dewi Mayangsari nesu lan pengen wales dendam ing Damar Wulan. Gawe wales dendame Dewi Mayangsari ing Damar Wulan, dheweke direwangi marang Merak Suwondo lan adhine Mayang Goro. Ing sakliyane kuwi Damar Wulan diangkat dadi raja ing Majapahit lan ngepek bojo Sri Ratu Ayu Kencana Wungu.
Bhagawan Srengkara Manik kuwi eyang putrine Raden Kuda Rerangin. Raden Kuda Rerangin njaluk ijin marang Bhagawan Srengkara gawe goleki bapa lan kakange Raden Damar Wulan. Nanging, eyang putrine ora ngijinake yen goleki bapake amarga bapane uwis murcita.
Raden Kuda Rerangin diutus eyang putrine gawe mateni 40 manungsa sing lewat ing dalan gedhe. Supaya bisa ketemu kangmase Raden Damar Wulan. Dheweke nyanggupi apa kang diutus eyang putrine. Srengkara Wati (ibune Raden Kuda Rerangin) kepingin melu, nanging ora dientuki karo Bhagawan Srengkara.
Marasanja lan kepapat kancane kuwi njarahi bandhane warga kerajaan Wadhan. Marasanja banjur ngutus kepapat kancane mau supaya ora njarahi bandhane warga maneh. Sawektu kuwi dheweke uga diwaduli prajutit Wadhan yen dheweke weruh wong loro. Sawise kuwi dheweke marani, jebulane Raden Kuda Rerangin lan Kutis (prajurite).
Raden Kuda Rerangin lunga dikancani prajurite. Ing tengah dalan dheweke uwis mateni 39 manungsa, kurang siji. Dheweke binggung, amarga uwis ora ana maneh manungsa sing arep dipateni lan kurang siji manungsa maneh. Kahanan sing mengkono kuwi gawe Raden Kuda Rerangin nduwe ide gawe nepungake cacah nyawa 40 sing arep dipateni kuwi. Dheweke dadi arep mateni prajurite kuwi, amarga ing kono mung isih awake dhewe lan prajurite kuwi.
Ngerti-ngerti teka wong 3 ing adepane Raden Kuda Rerangin karo Kutis, yaiku Patih Lugender lan anak-anake. Wong-wong kuwi banjur perang lan gawe perjanjian yen Raden Kuda Rerangin menang Patih Lugender kudu gelem ngiwangi goleki kangmase Raden Damar Wulan.
Sawektu wong-wong loro kuwi perang, Raden Kuda Rerangin menang lan Patih Lugender kalah. Gelem ora gelem, Patih Luigender kudu gelem ngiwangi Raden Kuda Rerangin goleki kangmase.
Pendeta Wijaya Murti nduweni anak jenenge Mustika Wati. Mustika Wati mimpi yen Raden Kuda Rerangin iku dadi bojone. Dheweke duka, amarga ora ngerti sapa kuwi Raden Kuda Rerangin. Dukane Mustika Wati dikonangani marang bapane, bapane banjur kongkon prajurite kanggo goleki Raden Kuda Rerangin.
Raden Kuda Rerangin uwis katemu, bajur ditemuake marang Mustika Wati. Ing kono Raden Kuda Rerangin dijlentrehake kenapa dheweke diutus marang Pendeta Wijaya Murti. Sabanjure dheweke ngerti kahanane gelem dikawini marang Mustika Wati.
Sawise wong loro kuwi mantenan, Raden Kuda Rerangin njauluk ijin lunga gawe goleki kangmase. Dheweke banjur diijinake marang Pendeta Wijaya Murti. Pendeta Wijaya Murti ngamanati yen ing dalan mengko dheweke bakal ketemu karo adhine, nanging beda ibu tunggal bapa. Mustika Wati arep melu Raden Kuda Rerangin, nanging ora entok marang bapane. Dheweke banjur manut lan ngenteni ning kerajaan.
Ing dalan Raden Kuda Rerangin nglewati ngalas gedhe, ing kono dheweke weruh kidang emas. Dheweke banjur nggodhak kidange mau. Jebulane mlayune kidang mau iso nemuake adine Raden Kuda Rerangin, yaiku Raden Kuda Tilarsa.
Gara-gara kidang ajaib mau, wong loro kuwi dadi padu, podho ngaran-arani yen ngumpetake kidange mau. Wong loro mau banjur adu keris lan panah. Sawektu perang, wong loro kuwi ngerti yen Raden Kuda Rerangin kuwi kakange Raden Kuda Tilarsa. Bubar kuwi dheweke sepakat yen arep bareng-bareng goleki kakange Raden Damar Wulan sing disiksa lan dipenjara ing kerajaan Majapahit.
Prabu Klana Sari iku asale saka negara Wadhan Gupita, dheweke ngangeni Ratu Ayu Kencana Wungu. Saking kangene Prabu Klana Sari marang Ratu Ayu Kencana Wungu dheweke dadi kenthir. Kahanan kang mengkono kuwi gawe penggedhe, yaiku Dewa Wasesa, penasehat raja, Klana Sura lan Patih raja golek cara gawe ngilangake kangene Prabu Klana Sari ing ratu. Klana Sura banjur nugasi prajurite gawe ngrebut lan gawa bali Ratu Ayu Kencana Wungu saka Majapahit. Amarga penggedhe kerajaan, saiki Prabu Klana Sari uwis sadar lan dheweke ngutus prajurite kanggo nyerang Majapahit.
Patih Lugender isih nyimpen dendam marang Damar Wulan, mula dheweke nemuni Prabu Klana Sari supaya ngrebut Ratu Ayu Kencana Wungu saka Damar Wulan. Amarga yen ora direbut-rebut mengko sang ratu bakal dipek bojo marang Damar  Wulan. Prabu Klana Sari krungu wadulane Patih Lugender muntab nepsune.
Raden Brawijaya utawa Raden Damar Wulan ngutus Raden Arya Menak Koncar supaya nganaake serangan marang Prabu Klana Sari. Bgerti-ngerti prajurit Pajineman entok informasi yen ana pasukan liyo medhaki wates kerajaan. Jebulane pasukan kuwi yaiku prajurit pimpinane Dewi Mayang Sekar adhik Prabu Urubesma sing saka Bali. Ing kono Dewi Mayang Sekar direwangi marang adhike yaiku Raden Menak Suwondo.
Menak Koncar, Adipati Tuban lan Adipati Daha diutus Raden Brawijaya kanggo mimpin pasukan saka Majapahit. Ing perang kuwi Anta Laut (prajurit saka Bali) bisa dipateni nganggo keris Menak Giyanti. Sureng Sana bisa dipateni marang Raden Menak Jayeng Sekar lan Sureng Roro bisa dipateni marang Jayeng Sari.
Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa mlebu ing medan perang. Wong loro kuwi ngadepi mungsuhe, yaiku Mangsah Pati lan Mangsah Yuda. Amarga Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa bisa ngalahake mungsuhe, dheweke nantang Raden Brawijaya maju perang marang.
Raden Brawijaya ngerasa kuwalahan nglawan Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa, dheweke banjur ngilang lan ngakoni yen awake kuwi anake Patih Udara sing jenenge Damar Wulan. Amarga dheweke kasil iso menggal gulune Menak Jingga, dheweke diangkat dadi raja Majapahit lan ngawini Ratu Ayu Kencana Wungu.
Ngerti mangkono kuwi, Raden Kuda Rerangin lan Raden Kuda Tilarsa lungguh lan nyembah Raden Damar Wulan karo ngomong kang dipesenake marang eyang putrine, Bhagawan Srengkara. Wong telu kuwi ngrasa seneng banget iso ketemu marang sedulure kanthi ora cacad amarga perang maut mau.
Perange mau isih lanjut, Raden Menak Koncar adep-adepan marang Mayang Gana, prajurit wedok kang isih sedulure Dewi Mayang Sari.

CERKAK


CERKAK 1
Karya : Desti Ratna Kurniawati




AKU ANAKE SOPO?
            Rusmiyati, celuk wae Rusmi. Saking ayu rupane nganti lali jaga pawadone. Dheweke durung lulus SMP uwis meteng telu sasi. Rusmi sing diombeni congyang lan digilir wong papat ing tengah sawah sabubare bali sekolah. Amarga isin marang sanak sedulur, Rusmi lan bojone pindhah ing desa Jetaksari, Pulokulon, Grobogan.
 Kasil saka kuwi, lair bayi lanang kang dijenengi Rian. Telu dina sauwise bayine lair, pakne minggat ana ing Kalimantan.Saiki Rian umure wis sanga tahun lan saiki kelas telu SD ing desa Jetaksari, Pulokulon, Grobogan. Rian uripe kang katula-tula, nduwe pak tiri galak jenenge Pardi.
“Yan, tukoke rokok. Cepet !” kongkone Pardi.
“Inggih pak. Sekedhap nembe isah-isah piring”
“Apa?! Kowe dikongkon tuku rokok malah kleta-klete” mlaku rada banteran marani Rian karo muntab nepsune. “Nyoh ki akibate yen dikongkon pakne wegah” karo nyabeti gegere Rian sing lagi ndhodhok ing dingklik karo ngisahi piring nganggo  sabuk kulit.
“Aduhh,pak. Ampun pak, ampunnn” Rian nangis misesegen.
“Ana apa to mas, kok rame temen?” sambunge Rusmi.
“Deloken anakmu kuwi, dikongkon tuku rokok ora mangkat. Anak sumbangan yo ngono kuwi. Ora iso dijak sambat.” Misuh-misuh karo lunga metu.
Rusmi banjur nyedhaki Rian karo nonyo-nonyo sirahe. “Kuwi akibate yaa, yen kowe dikongkon ora manut, ora ndang gage. Kowe ki lah po ora gelem ndang menyat? Hee??”
Rian mung bisa meneng karo nangis ngrasakne larane.
“Nyohh walesanmu !” karo diciweli bokonge bola-bali. “wis kono njaluk ngapura karo pakmu. Layani kabeh panjaluke.”
Saben dina kayak mengkono kuwi sing dilakoni bapak ibune Rian. Rusmi sing dadi ibu kandunge uga ora sayang babar blas marang Rian. Apa maneh pakne tirine, sing cetha ora anake dhewe. Ing kono Rian ora bisa sambat marang sapa wae, dheweke mung bisa nangis lan nangis.
Saben isuk Rian ngangsu banyu gawe adus saomah lan masak. Sabubare kuwi ngisahi piring lan nyapu omah, Rian lagi adus lan mangkat sekolah. Rian iku wis kalebu beja isih bisa sekolah, kuwi uga marga saiki sekolah gratis. Saben isuk Rian ora tau sarapan. Boro-boro sarapan, apa maneh disangoni. Saben njaluk dhuwit ora dikei malah disabeti nganti nangis klengkengan. Mula bubar kuwi Rian uwis ora wani njaluk sangu maneh.

 


CERKAK 2
Karya : Desti Ratna Kurniawati

MANTAN PACARKU
Surti nduwe pacar jenenge Tono, cah loro kuwi uwis pacaran limang taun. Surti saiki kuliah ana ing Universitas Negeri ing Solo, yen Tono kuliah anak ing Univertsitas swasta ana ing Jogja. Saiki wong loro kuwi uwis kuliah semester papat. Wong loro kuw saben wulan durung mesthi ketemu, dheweke ketemu yen ngepasi balik kampung bebarengan utawa preinan kuliah. Dheweke uga komunikasi mung  lewat BBM, SMS lan Line. Iku uga ora mesthi, amarga Tono jadwale padhet melu organisasi Himpunan Mahasiswa utawi HIMA.
Rounded Rectangular Callout: Yang sampeyan lagi apa, kok ora ana kabar?


Surti SMS marang Tono.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                    12.01
Dina esuke lagi dibales marang Tono.


Rounded Rectangular Callout: Aku wingi ana rapat HIMA yang, ngapurane.
 
                       
04.30

Surti balesi.    
Rounded Rectangular Callout: Ya yang, ora papa. Aja lali shalat ya, jaga kesehatan.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                           04.45

Rounded Rectangular Callout: Ya.Tono uga balesi.                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                                             09.57

Surti mesthi balesi SMS-e Tono ora tau telat, tur mesthi perhatian banget. Nanging beda karo Tono, dheknen bales mung  ya, oke, siap. Ora perhatian babar blas. Padahal Surti kepingin dheweke diperhatiani kaya mbiyen.
Sawijining dina, surti ditaksir marang seniore sing uwis semester wolu. Wong lanang kuwi ketua UKM tari, mula saben Surti gladhen nari dheweke ketemu. Ora salah yen seniore kuwi kepincut marang Surti, dhasare Surti pawakane ayu, gedhe dhuwur tur nawon kemit. Yen nari awake kanthi lemes, endah uga yen mendhak bokonge njentit. Mlakune sang wektu, wong loro uga kerep ketemu, bocah lorokuwi pacaran. Pranyata Tono uga ora ana kabar blas, pancen Tono sibuk nanging  jenenge wong wedok yen suwe-suwe dikaya mengkonoake uga ora betah.
Dina selasa, 27 Desember 2007 Surti ulang taun kaping 20. Tono kepingin gawe suprise marang Surti, mula dheweke ora ngomong yen arep nyusul ning Solo. Salawase Surti kuliyah ing Solo, Tono durunmg tau nyusul tekan kana. Mula sawektu kuwi goleki kos-e Surti sadina mbethethet. Jam 17.00 Tono lagi ketemu kost Kusuma Putri nomor 32, kos-e Surti.
Thok, thok, thok “Assalamualaikum” Tono nothok lawang.
“ya, cari siapa ya mas?” kancane Surti.
“Saya pacarnya Surti, Surtintya ada mbak?”
“Surti lagi latihan nari dikampus mas.”
“Surti latihan digedhung  apa ya mbak kalo saya boleh tahu?”
“Gedung A5 ruang 207 mas.”
“Makasih ya mbak, mari. . .” Tono banjur lunga menyang kampuse Surti. Sawektu tekan kmapus, Tono kanget banget.
“Surti.” Celukane Tono sing angles.
“Mas Tono.”
Tono banjur langsung ndhokok kembang lan roti ulang taun ing kursi lan lunga.
“Mas rongokno aku” karo mblayu nututi Tono. “Mas . . mas Tono, mandheko sik.”
“Wis cukup Sur, aku uwis weruh kabeh apa sing mbo lakoni ning mburiku.”
“Mas aku duwe alesane.”
“Sayange aku ora butuh alesanmu Sur.” Karo mlaku separo mblayu.
“Mas.”
“Uwis. Aku arep bali.”
“Mas, rungokno aku pisan wae.” Karo narik tangane Tono.
“Ora Sur, abeh iki uwis jelas kabeh, uwis cetha ketok moto.” Karo nyingkirke tangane Surti.
“Mas !” karo nyentak Tono. Tono uga banjur mandhek, ning ora gelem nemeti rupane Surti. “Pancen awakmu kuwi lara weruh aku mung kaya ngono, tapi sabenere aku sing luwih lara ketimbang kuwi.”
“Kowe ngomong kanthi endahe, kabeh kuwi nganggo tembung mung?” pitakone Tono karo gregetan.
Surti mung bisa meneng lan nangis.
“kowe kuwi lo, ambung-ambungan karo wong lanang liya. Nganti digremek-gremek uga meneng wae. Apa kaya mengkono Surti sing tak kenal? Aku sing pacarmu pirang-pirang taun, apa aku tau kaya mengkono? Opo yo miturutmu  kabeh kuwi becik?”
Kahanan kampus sing wis sore, ora ana wong liya gawe kahanan atine Tono tambah gregel lan ngresep ing ati.
“Sampeyan sing gawe aku kaya mengkene mas.”
“Alah rakusah golek lepate wong liya, iws cetha ketok moto kowe sing lepat. Ngono isijh
golek alesan, dasar wong wedok wuta. Wuta rasa, wuta iman.”
Surti langsung gladepen krungu omongane Tono mau, banjur dheweke bali kost lan mutuske hubungane marang Tono. Surti uga putus karo seniore, amarga dheweke uwis sadar yen kaya mengkono kuwi lelakon sing pora becik lan ngrusak dhiri.



 

CERKAK 3
Karya : Desti Ratna Kurniawati

DHAWUHE IBU
            Dewi Lumitasari bacah gadis sing dedege gedhe dhuwur, tur praupane ayu. Dewi kuwi bocah sing manut karo wong tuwa, paling utama ya karo ibune. Yen ibune ngendhika “ora” yo dheknen “ora”. Dewi ngrumangsani dadi anak sing isih dipakani tur bab apa-apa uga isih karo wong tuwa, mula dheweke kudu manut lan  bekti.
Ibu       :”Nduk, mrenea sedhelok.”
Dewi   :”Wonten punapa bu?”
Ibu       :”Tulung gotongi mengarep sega lan sayure. Supaya bisa gawe dhahar bapak.”
Dewi   :”Nggih bu.”
Ibu       :”Wis tugase dirampungi sek! Wong kok ngadhepi laptop wae. Mbok yo srawung karo kanca-kancane kana lho.”
Dewi   :”Nggih bu, mangkih mawon kirang sekedhik.”
Ibu       :”Apa kowe ora kepingin kaya kanca-kancane nduk?”
Dewi   :”Kados pundi kekarepane ibu?”
Ibu       :”Ya dolan karo pacarmu, mbuh ning ndi. Bocah gadis kok isine nugas kuliah  nugas kuliah wae.”
Dewi   :”Nggih kepingin bu, nanging kula mboten gadhah pacar o bu.”
Ibu       :”La jaremu kowe disenengi kancamu  sing  jenenge Gagah  kae?”
Dewi   :”Ngendhikane ibu, kula mboten angsal kaliyan  mas Gagah.”
Ibu       :”Ya ora entok to nduk. Wong  yo pagaweyane mung buruh tani. La mengko kepriye mangarepe?”
Dewi   :”Bu, rejeki, jodo lan  pati samenika Gusti Allah sampun nyepaake. Dados boten  usah kuwatir.”
Ibu       :”Iyo benero nduk, jodo, rejeki lan pati kuwi wis ana sing ngatur. Ning yen dadi buruh tani mengkono kuwi mung cukup gawe mangan sadina-dinane. Kadang uga tuna yen panene wurung.”
Dewi mung meneng ora semaur meneh karo nerusake tugase mau.
Ibu       :”Nduk, iling mas Rio putrane pak Kades apa ora?”
Dewi   :”Nggih bu, kados pundi?”
Ibu       :”Aku mesore pas bali tuku tepung to nduk, lewat  ing ngarep omahe pak Kades. Ning kono ana wong lanang lungguh  ning ngarep kursi. Lha kok ngomong “saking pundi bu Iyem” aku yo kaget to nduk. Bar iku aku takon mbak Tatik, ee jebulane mas Rio nduk. Ya Allah, saiki nduk baguse ora eram, nganti pangkling ibu.”
Dewi   :”Lah nggih pancen saking mrikone sampun bagus bu.”
Ibu       :”Uwis bagus, grapyak. Saiki to nduk, mas Rio uwis mapan, nduwe  pagawean  ning bank. Edahe Gusti yen nduwe mantu  kaya  mengkono.”
Dewi   :”Halah  ibu menika kok yo kados makaten to?”
Ibu       :”Kaya mengkono piye to nduk. Lah yo pancen bener to omongane ibu?”
Dewi   :”Inggih leres bu, nanging nggih mboten kados makaten. Punapa  purun mas Rio kaliyan   kula, wong kula kados makaten nggih dereng gadhah pagaweyan.”
Ibu       :”Wong awakmu  kuwi ayu. Yo dimanfaatake gawe golek sing luwih becik.”
Dewi meneng lan ibune lunga menyang pawon .
           
Sawektu  sore, Dewi nyapu  plataran ana mas Rio lewat.
Rio      :”Nyapu dhik Dewi.”
Dewi   :”Nggih mas Rio. Saking tindhak pundi?”
Rio      :”Saka daleme pak Dul ngaturaken  layang dhawuhane bapak.”
Dewi   :”Owalah nggih mas.”
Ibune Dewi saka pawon  krungu  yen  ana Rio lagi omong-omongan  karo Dewi. Banjur dheweke metu nututi.
Ibu       :”Ma Rio, mampir rumiyin.”
Rio      :”Nggih bu, matur nuwun.”
Ibu       :”Ora papa, ayo mampir ngincipi tehe bu Iyem.”
Rio      :”Mboten bu, matur nuwun. Samenika sampun sonten. Mangga bu, dhik Dewi.”
Ibu       :”Mangga, mangga mas.”
Ibune banjur nyedhaki Dewi sing lagi nerusake nyapune.
Ibu       :”Kuwi deloken, wong lanang baguse kaya mengkono kurang apa coba? Ngana kok ya ora gelem. Kowe ki sak jan jane golek sing kaya apa?”
Dewi   :”Mboten  prekara kula mboten  remen  punapa mboten bu.”
Ibu       :”La trus apa? Kowe isih ngaboti Gagah lanangan kaya mengkono?”
Dewi   :”Mboten  bu.”
Ibu       :”La trus apa?”
Dewi   :”Samenika mas Rio sampun dijodohaken kaliyan putrine pak carik sebrang desa.”
Ibu       :”Anake pak carik Susanto kuwi nduk? Si Amel?”
Dewi   :”Kula nggih mboten paham bu.”
Ibu       :”Lha kok kowe bisa ngerti?”
Dewi   :”Kula dikandani Arin bu.”
Ibu       :”La kowe percaya?”
Dewi   :”Nggih percaya bu, la ibune Arin kerja ing daleme pak Kades nggih mesthine leres kabar kados makaten.”
Ibu       :”Kowe percaya mas Rio gelem dijodohake?”
Dewi   :”Kula nggih mboten paham  menawi kados makaten.”
Ibu       :”Pokoke yo nduk, yen durung ana janur kuning kowe kudu berusaha ngentoake atine mas Rio.”
Dewi   :”Samenika kula sampun minder bu.”
Ibu       :”Lah kok ngono to nduk?”
Dewi   :”Ngendhikane tiyang estri ingkang badhe dijodohake kaliyan mas Rio sampun  dados pegawe ing Rumah Sakit Rahayu. La kula mawon taksih sekolah.”
Ibu       :”Uwis rausah kaya ngono, penting kan praupane ayu kowe nduk.”
Dewi   :”Nanging kula nggih mawan dhiri bu. Amel samenika putrine pak carik sing kondhang sugihe. La bapak namung dados buruh momong ing SMP, kita inggih mung urip sederhana, penting sarwa kecukupan.”
Ibu       :”Aku yakin keluargane pak Kades wong sing becik kabeh. Ora bakal mandang sih kono sih kene. Akeh bandha  kono akeh  bandha kene. Uwis to nduk, ora usah mikir sing ora-ora. Percayana karo ibu.”
Dewi   :”Nggih bu.”
Ibu       :”Iku dhawuhe ibu, ibu kepingin nduwe mantu sing kaya mengkono. Titik ! uwis ibu arep nerusake masak.”
~CUTHEL~